Postingan

Menampilkan postingan dari Desember, 2021

Kelas 5 (b. Jawa-Kesenian wayang)

Gambar
Assalamu'alaikum wr wb - Alhamdulillah, muga kowe kabeh lan keluarga tansah pinaringan rahmat saka Allah SWT, tansah sehat lan semangat sakjroning ngayahi jejibahan ngibadah lan ngudi ilmu.  - Sakbanjure, kaya sing wis tak wedarake ing kelas dhek wingi, babagagan kesenian jawa "pagelaran (pertunjukan) wayang kulit". - Sak ora-orane ana perangan kang kudu ana : -  angka 1 , dalang : yakuwi wong kang nglakoake wayang. - angka 2 , wiyaga/nayaga/niyaga/yaga , yakuwi wong kang kadapuk ngunekake gamelan (pemusik) - angka 3 , sinden utawa warangggana , yakuwi juru tembang utawa wong kang bageyan nembang. - Isih akeh maneh perangan kang ana ing babagan pagelaran wayang kulit mau ning sing paling baku ya telu mau. - Coba gatekna gambar ngisor iki ! - Tugasmu, wangsulana pitakon ing ngisor iki ! - 1. Gamelan apa bae kang bisa muni krana disebul ? - 2. Gamelan apa bae kang bisane muni krana dithuthuk ? - 3. Gamelan apa kang bisane muni marga ditapuki/dikeplaki ? - 4. Ing gambar kae