Kelas 5 (b. Jawa-Kesenian wayang)

Assalamu'alaikum wr wb


- Alhamdulillah, muga kowe kabeh lan keluarga tansah pinaringan rahmat saka Allah SWT, tansah sehat lan semangat sakjroning ngayahi jejibahan ngibadah lan ngudi ilmu.

 - Sakbanjure, kaya sing wis tak wedarake ing kelas dhek wingi, babagagan kesenian jawa "pagelaran (pertunjukan) wayang kulit".

- Sak ora-orane ana perangan kang kudu ana :

angka 1, dalang : yakuwi wong kang nglakoake wayang.

- angka 2, wiyaga/nayaga/niyaga/yaga, yakuwi wong kang kadapuk ngunekake gamelan (pemusik)

- angka 3, sinden utawa warangggana, yakuwi juru tembang utawa wong kang bageyan nembang.

- Isih akeh maneh perangan kang ana ing babagan pagelaran wayang kulit mau ning sing paling baku ya telu mau.

- Coba gatekna gambar ngisor iki !


- Tugasmu, wangsulana pitakon ing ngisor iki !

- 1. Gamelan apa bae kang bisa muni krana disebul ?

- 2. Gamelan apa bae kang bisane muni krana dithuthuk ?

- 3. Gamelan apa kang bisane muni marga ditapuki/dikeplaki ?

- 4. Ing gambar kae katon ana wong wadon ing sak ngisore jejeran wayang, diarani apa wong-wong mau ?

- 5. Tutup sirah kang dienggo karo Ki Dalang lan para Yaga kuwi diarani apa ?

- Tulisen wangsulanmu ing buku catetan ! Dak kira iku bae lan sugeng sinau ing omah muga kowe lan keluarga tansah digampangake lan tansah ditambahi ilmu lan rejeki dening Allah SWT. A m i n.

Wassalamu'alaikum wr wb

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Kelas 2 (B. Jawa/angka takeran)

Kelas 3 (B. Jawa)

Kelas 6 (b. Jawa/macapat ll)