Kelas 2 (basa jawa/ tembang dolanan)

 Assalamu'alaikum wr wb.

- Anak-anakku kabeh, ayo sinau basa jawa maneh. Sing gampang-gampang bae, sinau karo nembang (nyanyi).



- Ayo, sapa sing bisa nembang dondong apa salak ? 

- Dondong, salak lan dhuku kuwi jenenge woh-wohan (buah-buahan), coba kowe bisa golek jenenge woh-wohan sing liyane.

- Andhong (dokar) lan becak kuwi jenenge tumpakan, coba saiki kowe goleka jenenge tumpakan sing liyane !

- Sapa sing nate dijajak ibu menyang pasar ? Apa bae sing didol ning pasar ?

- Akeh banget tembang dolanan kang bisa dienggo sinau basa jawa, ana gambang suling, kodok ngorek, cublak-cublak suweng, kidang talun lan liya liyane, kowe bisa ajar salah sijine.

- Wis kuwi bae dhisik, ayo ajar bas jawa karo nembang (nyanyi) ben kowe kabeh bisa nganggo basa jawa kanthi bener lan becik.

- Sugeng sinau nembang jawa, aja lali shalat lan tanssah ndedonga marang Allah SWT. Muga kowe lan keluarga tansah pinaringan rahayu wilujeng lan rahmat saka Allah SWT. Am i n.

Wassalamu'alaikum wr wb.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Kelas 2 (B. Jawa/angka takeran)

Kelas 3 (B. Jawa)

Kelas 6 (b. Jawa/macapat ll)