Postingan

Menampilkan postingan dari Oktober, 2021

Kelas 4 (basa jawa)

Gambar
PASINAON 1 (Oktober I/wiwitan) __________________________________________________________________________________ Assalamu'alaikum wr wb - Alhamdlillah, muga kowe kabeh tansah pinaringan seger waras sehat, kinayoman dening ahmate Allah SWT, uga keluargamu kabeh, mligine wong tuwamu sak kloron, tansah digampangake ing sakjroning ngayahi jejibahan. - Ayo dibacutake maneh sinau basa jawa. Ing kene arep dak andharake maneh ngenani pakaryan (pekerjaan). Coba delengen gambar ing ngisor iki ! - Iku kang diarani pakaryan ulah tetanen, wong kang makarya dadi tani diarani pak tani. Apa kang di asilake ulah tetanen iki baku banget tumrape panguripan, amarga ngasilake bahan pangan. - Pari, jagung, klapa, lombok, sayur, buah lan apa bae kebutuhan urip akeh kan diudaneni ska ulah tetanen. - Kaya tuldha gambar nduwur kuwi, para tani kang lagi ana ing sawah ing sak tengah-tengahing tanduran pari, pari kuwi mengko yen wis ditandur watara 3-4 sasi banjur dipanen, wijine njur dipisahake saka gagang l

Kelas 3 (basa Jawa - tembang)

Gambar
PASINAON 1 (Oktober wiwitan) ___________________________________________________________________________________   Assalamu'alaikum wr wb - Alhamdulillah, muga kowe tansah bagas waras an ing sak jroning pangayoman rahmate gusti Allah SWT, semono uga ibu saha ramamu lan keluarga kabeh tansah jinangkung ing pangayomane Gusti, a m i n. - mBacutake sinau basa jawa, ayo saiki ajar sarana ngango tembang (nyanyi), coba gatek-ake (perhatikan) tembang ngisor iki : dondong apa salak, duku cilik-cilik andhong apa mbecak, mlaku thimik-thimik adhi nderek ibu, tindak menyang pasar ora pareng rewel, ora pareng nakal mengko ibu rawuh, ngasta oleh-oleh, kacang karo roti adhi diparingi - 1. Saka tembang ing nduwur, saiki coba golek-ana jenise woh-wohan (buah-buahan) apa bae kuwi ? - 2. ing tembang mau ya ana tembung kacang, kacang kuwi akeh maceme, coba sebutna, kacang apa bae ! - 3. Andhong kuwi jenise apa ? - 4. "Mengko ibu rawuh" tegese/artine apa (oleh nganggo basa Indonesia) - 5. &qu