Kelas 4 (basa jawa)

PASINAON 1 (Oktober I/wiwitan)

__________________________________________________________________________________

Assalamu'alaikum wr wb

- Alhamdlillah, muga kowe kabeh tansah pinaringan seger waras sehat, kinayoman dening ahmate Allah SWT, uga keluargamu kabeh, mligine wong tuwamu sak kloron, tansah digampangake ing sakjroning ngayahi jejibahan.

- Ayo dibacutake maneh sinau basa jawa. Ing kene arep dak andharake maneh ngenani pakaryan (pekerjaan). Coba delengen gambar ing ngisor iki !


- Iku kang diarani pakaryan ulah tetanen, wong kang makarya dadi tani diarani pak tani. Apa kang di asilake ulah tetanen iki baku banget tumrape panguripan, amarga ngasilake bahan pangan.

- Pari, jagung, klapa, lombok, sayur, buah lan apa bae kebutuhan urip akeh kan diudaneni ska ulah tetanen.

- Kaya tuldha gambar nduwur kuwi, para tani kang lagi ana ing sawah ing sak tengah-tengahing tanduran pari, pari kuwi mengko yen wis ditandur watara 3-4 sasi banjur dipanen, wijine njur dipisahake saka gagang lan godhonge pari mangka arane owah dadi gabah.


- Kuwi kang aran gabah, dipepe (dijemur) supaya garing sakdurunge di selep (digiling dipisahake saka kulite) kareben dadi beras.

- Beras iki mangko dibutuhake banget kanggo pangan wong, kowe kabeh, aku, kita kabeh banget gumantung anane beras dienggo srana urip.  

- 1. Saiki coba apa bae sak liyane pari sing ditandur para among tani ? (sebutna)

- 2. Apa bae piranti kanggo ulah tetanen (alat pertanian) ?

- Tulisen ning bukumu !

- Kirane kuwi bae dhisik mengko dibacutake ing pasinaon candhake, aja nganti ditinggalake shalat, muraja'ah lan terus ndedonga marang Gusti Allah kareben tansah pinaringan rahmat lan barokah, rahayu wilujeng kalis ing sambikala.


___________________________________________________________________________________


PASINAON 2 (Oktober ka 2)

___________________________________________________________________________________

- Alhamdulillah bisa mbacutake maneh ajar basa jawa, muga kowe kabeh tansah sehat, bagas waras ana ing sak jroning rahmate Gusti Allah SWT, a m i n.

- Coba gatekna gambar ing ngisor iki !

     

- Dak kira kowe kabeh mestine wis padha weruh apa jenenge kewan ing gambar kuwi !

- Kuwi diarani kewan ingon-ingon, ning sak liyane kuwi isih akeh jenise kewan sing klebu kewan ingon-ingon, coba sebutna kang kowe ngerti ! apa bae ? (tulisen ning bukumu)

- Kewan ingon-ingon mau ana kang dijupuk endoge, ana kang diingu amargo dipurih daginge lan ana uga kang diingu amarga dipurih susune, kaya dene sapi, wedhus lan liya-liyane.

- Wong kang makarya ngingu kewan ingon-ingon mau sinebut peternak (iki ya klebu petani).

- mBok menawa ing sak-indhenge omahmu, ana tangga utawa keluargamu sing pakaryane dadi petani utawa peternak, bisa-bisa wong tuwamu dhewe petani ! 

- Akeh banget tembung utawa ukara ing basa jawa iki kang magepokan ana sesambungane karo pertanian, coba golekana, lan sing kowe durung ngerti bisa ditakokne !

- Cukup semene dhisik, mengko dibacutake ing pasinaon candhake. Sepisan maneh, shalat aja nganti dilirwakake, ditambah muraja'ah lan kukuh tansah ndedonga ing ngarsane Gusti Allah SWT.


___________________________________________________________________________________


PASINAON 3 (Oktober minggu ka 3)

___________________________________________________________________________________

- Kanggo mbacutake sinau basa jawa, iki ana gambar coba gateka !


- Amarga iki jenise iwak (ikan), mangka diarani perikanan. Akeh jenise perikanan sak liyane gambar ing nduwur iku. Coba kowe goleka tuladha liyane apa bae jenis kewan kan diingu ing banyu (utawa diarani tambak)

- Wong sing makarya ngimgu iwak utawa jenis perikanan mau ya diarani petani uga.(petani tambak).

- Kabeh asile pertanian, peternakan lan perikanan mau baku banget kanggo minangkani kebutuhan bebrayat iki, kowe, aku lan kita kabeh ora bisa uwal saka asil pakaryane among tani mau. Maem ora mung tosa sega nyel ning uga butuh ana lawuhe, apa iku endog, kulupan (sayur), daging pitik, iwak lan sapanunggalane.

- Mula makarya dadi tani (among tani) kuwi jejibahan kang mulyo banget.

- Kanggo saiki cukup, dibacutake maneh ing pasinaon candhake ! Aja lali shalat lan ndonga !


__________________________________________________________________________________


PASINAON 4 (Oktober pungkasan)

___________________________________________________________________________________

- Ing punkasan iki ayo digagas lan di setitekake apa kang ana ing gambar isor iki !


- Saka gambar mau coba kowe gawea crita, apa kan lagi dumadi ing gambar kuwi ? tulisen ning bukumu dienggo bahan wacan, mligine kangge kowe dhewe.

- Asile ulah tetanen utawa asile among tani mau kabeh migunani banget kanggo nyukupi kebutuhan urip, meh kabeh kang ana ing pasar utawa didol ing pasar kuwi prasasat saka pertanian, peternakan lan perikanan.

- Wong sing makarya dodolan ing pasar kuwi diarani pedagang pasar, ya ning pasar kuwi panggonan dol-tinuku ing antarane pedagang lan pembeli (konsumen).

- Iki uga ana pilihan kanggo gawe crita- mu. Coba gatekne !

- Saka apa kang wis kok sinau babagan pakaryan (petani, peternak, pedagang) iku mung sak perangan jenise pakaryan, isih akeh banget jenis pakaryan liya.

- Semono uga apa kang di asilake saka pakaryan kuwi uga macem-macem, guru, dokter, tentara, sopir lan liya liyane kuwi ya jenis pakaryan.

- Wis kuwi bae kanggo sinau basa jawa ing kalodhangan iki, ing pasinaon candhake bisa nggagas kang liyane maneh.

- Aja lali, piwelingku aja nganti ninggalake shalat, mligine kang limang waktu lan muraja'ah, tansah ora kendhat ndedonga, muga AllahSWT tansah paring rahayu wilujeng, kalis ing sambi kala kanggo kowe lan keluargamu kabeh, ibu saha ramamu, tansah digampangake kanggo ngibadah. A m i n.

--- N u w u n ---

Wassalamu'alaikum wr wb


__________________________________________________________________________________

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Kelas 2 (B. Jawa/angka takeran)

Kelas 3 (B. Jawa)

Kelas 6 (b. Jawa/macapat ll)