Kelas 3 (basa Jawa - tembang)

PASINAON 1 (Oktober wiwitan)

___________________________________________________________________________________


 Assalamu'alaikum wr wb

- Alhamdulillah, muga kowe tansah bagas waras an ing sak jroning pangayoman rahmate gusti Allah SWT, semono uga ibu saha ramamu lan keluarga kabeh tansah jinangkung ing pangayomane Gusti, a m i n.

- mBacutake sinau basa jawa, ayo saiki ajar sarana ngango tembang (nyanyi), coba gatek-ake (perhatikan) tembang ngisor iki :

dondong apa salak, duku cilik-cilik

andhong apa mbecak, mlaku thimik-thimik

adhi nderek ibu, tindak menyang pasar

ora pareng rewel, ora pareng nakal

mengko ibu rawuh, ngasta oleh-oleh, kacang karo roti

adhi diparingi

- 1. Saka tembang ing nduwur, saiki coba golek-ana jenise woh-wohan (buah-buahan) apa bae kuwi ?

- 2. ing tembang mau ya ana tembung kacang, kacang kuwi akeh maceme, coba sebutna, kacang apa bae !

- 3. Andhong kuwi jenise apa ?

- 4. "Mengko ibu rawuh" tegese/artine apa (oleh nganggo basa Indonesia)

- 5. "mlaku thimik-thimik" tegese/artine apa ?

- Kabeh tulisen ning bukumu njur ajara nyanyi tembang ing nduwur mau 

- Wis,sakmene dhisik mengo dibacutake ing pasinaon candhake, aja lali shalat mligine kang limang wektu uga tansah ndedonga nyuwun ing ngarsane Gusti Allah, kareben tansah pinarinan rahmat lan pangayoman-NE, ibu lan ramamu digampangake lan diparing kekuata  anggone ngayahi jejibahan ing samubaranggawe.


___________________________________________________________________________________


PASINAON 2 (minggu ka 2 Oktober)

___________________________________________________________________________________


- Sakbanjure ayo dibacutake maneh ajar basa jawa nganggo tembang. Iki ana tembang :

yo pra kanca dolanan ning njaba

padhang mbulan, padhange kaya rina

rembulane, ne, sing awe-awe

ngelingake aja padha turu sore

- 1. mbulan kuwi bisa katon ing wayah apa ?

- 2. ing larikan (baris) 2 tembang ana tembung "rina", apa tegese ?

- 3. padhang kosok baline apa ?

- 4. ana wayah sore, njur ana wayah apa maneh sak liyane sore ?

- 5. coba sebutna dolanan apa bae kang kowe weruhi !

- tulisen ing bukumu, lan ajara nembang (lagune) !

- Wis cukup, sepisan maneh dak elingake aja nganti ninggalake shalat lan tansah ndedonga uga muraja'ah sithik-sithik sing baku tansah lumintu (ajeg) angonmu sinau.


__________________________________________________________________________________



PASINAON 3 (kanggo minggu ka 3 Oktobe

___________________________________________________________________________________


 - Ayo dibacutake maneh gladhi basa jawa ngangosrana tembang, coba gatekne tembang isor iki !

kupu kuwi dak  incupe

mung abure ngewuhake

ngalor-ngidul, ngetan bali ngulon

mrana mrene mung sak paran-paran

menclok cegrep, mabur bleber

- Saiki coba wangsulana pitakon ngisor iki !

- 1. Perangan awak kang bisa diengo mabur kuwi arane apa ?

- 2. Kewan apa bae kang bisa mabur ?

- 3. Kupu kuwi dumadine saka kewan apa ?

- 4. Srengene kuwi jumedule saka arah ngendi ?

- 5. Coba kowe ngadega ing panggonanmu njur tudingana endi wetan, endi kulon, lor lan kidul ?

- Tulisen lan garapen wangsulane ning bukumu njur kowe ajara tembange !

- Kuwi bae mengko dibacutake ing pasinaon candhak-e. Sepisan maneh aja nganti dilirwak-ake shalate lan muraja'ah sithik-sithik, tansah ndedonga muga Allah SWT tansah paring rahmat, digampangake anggonmungudi ilmu, uga wong atuwamu tansah diparingi kekuatan lan digampangake anggone ngayahi jejibahan lang ngibadah. A m i n.


___________________________________________________________________________________



PASINAON 4 (kanggo pungkasan Oktober)

___________________________________________________________________________________


- Kango pungkasan iki ana suwijining tembang kaya mangkene :

gambang suling gumrenggeng swarane

tulat-tulit kepenak unine

u------u...nine mung nrenyuhake

bareng lan kentrung ke...tipung suling 

sigrak kendhangane

- Kaya padhatan, coba saiki gagasen :

- 1. Gambang lan suling kuwi saperangane gamelan (musik) jawa, saiki coba sebutna liyane !

- 2. Suling bisa metu swarane yen di sebul, lha yen gambang utawa kenong bisa muni yen diapak-ake ?

- 3. Ana uga gamelan kang--- bisa muni ngango srana di jiwiti karo driji, coba apa kuwi ?

- 4. Njur gamelan apa kang bisa muni srana dikeplaki ngango tangan ?

- 5. Apa bae perangan gamelan kang bisa muni amarga di thutuk ?

- tulisen lan wangsulana ing bukumu lan ajara nembang gambang suling utawa tembang apa bae kang kowe bisa lan wis tau keprungu utawa kak weruhi !

- Dak kira kuwi dhisink pasinaon basa jawa kang ngnngo srana tembang, isih akeh banget maceme tembang jawa, mula kowe bisa gladhi basa jawa iki kanthi nyenengake amarga srana entheng-enthengan bae nganggo tembang ya wis bisa.

- Sepisan maneh aja nganti dilirwak-ake shalate mligine kang limang waktu, muraja'ah lan tansah mempeng ndedonga nyuwun ing ngarsane Gusti Allah SWT, karben tansah kinayoman ing Rahmat-E, gampang gangsar anggonmun sinau, saha wong atuwamu lan keluargamu kabeh tansah pinaringan rahayu wilujeng kalis ing sambikala. A m i n.

--- N u w u n ---

Wassalamu'alaikum wr wb

__________________________________________________________________________________


Komentar

Postingan populer dari blog ini

Kelas 2 (B. Jawa/angka takeran)

Kelas 3 (B. Jawa)

Kelas 6 (b. Jawa/macapat ll)