Jawa (kelas 2)

 Anak-anak ku wancine ajar basa jawa maneh ya.

- Wong tuwa loro iku diarani ibu lan bapa/bapak

    ibu isa uga diarani biyung lan bapa bisa di undang rama.

- Ibu-ne ibu utawa bapak diarani embah putri utawa eyang putri

- Bapak-e ibu lan bapa diarani embah kakung utawa eyang kakung

- kanggo kowe kang duwe dulur tuwa diarani kangmas (yen lanang) utawa mbakyu (yen wadon)

- yen kowe duwe dulur sing luwih enom kuwi diarani adi/adik

- yen ibu/bapak-mu duwe kangmas kowe bisa ngundang Pak Dhe

- yen ibu/bapak-mu duwe mbakyu kowe bisa ngundang Bu Dhe.

- yen ibu/bapak-mu duwe adi lanang kowe bisa ngundang Pak Lik

- yen ibu/bapak-mu duwe adi wadon kowe ngundang Bu Lik.

kamus :

diarani = disebut                                        wadon = perempuan

diundang = dipanggil                                  lanang = laki-laki

dulur = saudara                                          kang/mbak = kakak

eyang = kakek/nenek                                 tuwa = tua

utawa = atau                                              enom = muda

wangsulana = jawablah                               pitakon = pertanyaan

Nah anak-anak ku kabeh, saiki coba wangsulana pitakon iki !

1. Sapa asmane embah/eyangmu ?

2. Kanggo kowe sing duwe dulur, pira cacahe dulurmu ?

3. Yen nkowe duwe dulur, dulurmu lanang apa wadon lan dulurmu sing tuwa diarani apa ?

Wis cukup kuwi wae dhisik, aja lali shalat  lan donga ya !





Komentar

Postingan populer dari blog ini

Kelas 2 (B. Jawa/angka takeran)

Kelas 3 (B. Jawa)

Kelas 6 (b. Jawa/macapat ll)