Kelas 1 (b. Jawa)

 Anak-anak ku kabeh ayo saiki diterusne ajar basa jawa babagan angka.

- angka sakwise angka r0ng puluh (20) kuwi teruse : selikur (21), rolikur (22), telu likur (23), pat likur (24), selawe (25), nem likur (26), pitu likur (27), wolu likur (28), sanga likur (29), telung puluh (30).

- angka selawe (25) ora kena diarani lima likur utawa rong puluh lima.

Nah saiki coba wacanen ukara ing ngisaor iki !

1. Gula sak kilo regane 12.500 rupiah

2. Kancaku sak kelas cacahe ana 25.

3. Bocah kelas 1 SD Muhammadiyah padha sinau.

4. Tanggal 12 tiba dina Setu (Sabtu).

5. Wis 2 dina iki ora ana udan.

Wis, saiki coba kowe ajara maneh nyebut angka-angka sing wis disinau mau, luwih apik maneh yen kowe uga nulis angka-angka mau ning bukumu.

Sugeng ajar angka basa jawa, lan aja lali shalat uga ndonga maran Allah SWT. Muga-muga Allah tansah pinaringan rahayu wilujeng marang kowe lan keluargamu kabeh ! Nuwun.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Kelas 2 (B. Jawa/angka takeran)

Kelas 3 (B. Jawa)

Kelas 6 (b. Jawa/macapat ll)