Kelas 3 (b. Jawa)

Anak-anakku kabeh ayo saiki sinau basa jawa maneh.

Tembung pitakon (kata tanya), kuwi macem-mavem e :

1. Apa (kuwi bisa dadi apane), tuladha/conto : Apa sing kok gawa kuwi ? 

                                                                       Apane sing lara ?

2. Sapa, tuladha : Sapa jenengmu ?

3. Kenapa, tuladha : Kenapa adhimu kok nangis ?

4. Kepiye, tuladha : Kepiye carane gawe layangan ?

5. Kapan, tuladha : Kapan kowe dolan menyang omahku ?

6. Ning endi/menyang endi, tuladha : Ning endi kuci motore bapak ?

                                                           Bapakmu menyang endi ?

Kamus : sapa = siapa, kepiye = bagaimana, ning endi = dimana, menyang endi = kemana.

coba saiki kowe ajara nggawe ukara pitakon migunakake tembung pitakon ing nduwur !

Sugeng ajar basa jawa, aja lali shalat lan tansah ndedonga marang Allah SWT, Muga Allah tansah paring karaharjan marang kowe lan keluargamu. A m i n. 

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Kelas 2 (B. Jawa/angka takeran)

Kelas 3 (B. Jawa)

Kelas 6 (b. Jawa/macapat ll)