Kelas 1 (b. jawa)

Unggah-ungguh wangsulan.

Anak-anak, yen diundang utawa ditimbali (dipanggil) kuwi ana ungggah-ungguhe (tata carane). 

Dinganggil iku basa jawane ditimbali utawa diundang kejaba yen padha kanca oleh ngomong diceluk, umpane kancamu Adi diceluk karao kancamu Mardi.

Ning yen sing manggil pak/bu gurumu, basane ya ditimbali, Adi kowe ditimbali bu guru.

Semono uga carane mangsuli utawa njawab, menawa kowe ditimbali bapak utawa ibumu wangsulane (jawabane) dalem pak ! utawa dalem bu ! ora kena mangsuli apa pak/apa bu.  Kejaba (kecuali) yen sing ngundang padha kancamu, kena mangsuli karo tembung apa.

Apa maneh yen sing caturan karo kowe iku padha wong tuwa.

Umpamane : "Bunda diaturi bu Ana dateng kelas". Ora pareng bunda diceluk bu Ana (iki salah).

Tuladha (conto) maneh : "Bu Mia dipun aturi pak Zuher dateng kantor".

Isih akeh unggah ungguh basa sing kudu di sinau.

- ditakoni (ditanya) basa jawa sing apik didangu

- diwenehi (diberi) basa jawa sing apik diparingi

- dideleng/didelok (dilihat) basa jawa sing apik dipirsani.

- diseneni (dimarahi) basa jawa sing apik didukani

- dikon/dikongkon (disuruh) basa jawa sing apik diutus

- dikandhani (diberitahu) basa jasa sing apik didhawuhi.

Wis ya, ayo padha sregep sinau ben dadi wong pinter, aja lali shalat lan ndonga (do'a).  

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Angka (kelas 1)

Kelas 4 (B. Jawa)

Tip sehat ala kampung