Kelas 2 (b. Jawa)

 

                                                                                                                                11 Agustus (kelas 2)

- Gundhul-gundhul pacul, gembelengan.

- Nyunggi-nyunggi wakul, gembelengan.

- Wakul ngglimpang segane dadi sak ratan/latar.

Coba kowe kabeh ajara nembang kaya ing dhukur iku.

- Sing diarani gundhul kuwi sirah sing rambute dicukur utawa pancen ora ana rambute.

- Nyunggi kuwi wong nggawa barang ning duwur sirah bisa uga diarani nyuwon.

- yen nggawa barang ning pundhak kuwi arane mikul.

- lha yen nggawa barang ning bangkek an diarang nggendhong.

Saiki coba, kowe kabeh wis weruh apa sing diarani wakul ? coba wangsulana.

Gandhengane wakul kuwi ana enthong, ana maneh sing diarani tompo, suthil, wajan, maron, genthong lan liyaliyane sing kabeh mau piranti/perkakas sing ana ning.pawaon/dapur.

Sugeng ajar basa jawa, lan aja lali shalat lan ndonga, muga kowe lan keluarga tansah pinaringan karaharjan dening Allah SWT. A m i n. 

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Kelas 5 (b. Jawa-Kesenian wayang)

Kelas 1 (b. Jawa /perangan awak)

Kelas 3 (KM/TS)