Kelas 2 (tembang dolanan)
-
Gundhul-gundhul pacul, gembelengan. 11 Agustus
2020
- Nyunggi-nyunggi wakul,
gembelengan.
- Wakul ngglimpang segane dadi
sak ratan/latar.
Coba kowe kabeh ajara nembang
kaya ing dhukur iku.
- Sing diarani gundhul kuwi sirah
sing rambute dicukur utawa pancen ora ana rambute.
- Nyunggi kuwi wong nggawa barang
ning duwur sirah bisa uga diarani nyowon.
- yen nggawa barang ning pundhak
kuwi arane mikul.
- lha yen nggawa barang ning
bangkek an diarani nggendhong.
Saiki coba, kowe kabeh wis weruh, apa sing diarani wakul ? coba wangsulana.
Gandhengane wakul kuwi ana
enthong, ana maneh sing diarani tompo, suthil, wajan, maron, genthong lan
liya liyane sing kabeh mau piranti/perkakas sing ana ning pawaon/dapur.
Sugeng ajar basa jawa, lan aja
lali shalat lan ndonga, muga kowe lan keluarga tansah pinaringan karaharjan
dening Allah SWT. A m i n.
Komentar
Posting Komentar