Kelas 3 (b. Jawa)

 

                                                                                                                                   12 Agustus (kelas 3)


Ukara utawa kalimat yakuwi tembung (kata) sing digandheng (dirangkai), tuladha : Surti nyapu latar, kuwi saka tembung Surti (jenenge uwong), nyapu (pakaryan/pekerjaan) lan latar (halaman).

- Ana ukara andharan (kalimat berita), tuladha : Ibu tindak pasar.

- ukara pitakon (kalimat tanya), tuladha : Jenengmu sapa ?

- ukara pakon (kalimat perintah), tuladha : Tutupen jendhelane !

Kangge ngerteni iku klebu ukara andharan, pitakon apa pakon gampang titikane (cirinya)

- yen ing pungkasan ukara (ujung kalimat) ora ana apa-apane iku biasane ukara andharan.

- yen ing pungkasan ukara ana tandha kaya pancing (tanda tanya) iku ukara pitakon

- yen ing pungkasan ukara ana tandha kaya penthung (tanda tanya) iku klebu ukara pakon.

Coba saiki kowe golek a tuladha/conto liya ukara andharan, ukara pitakon lan ukara pakon.Kowe bisa sinau ngangge LKS utawa pepak.

sugeng ajar basa jawa. Aja lali Shalat lan tansah ndonga marang Allah. Muga Allah tansah paring kanugrahan marang sliramu lan keluarga. A m i n.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Kelas 5 (b. Jawa-Kesenian wayang)

Kelas 1 (b. Jawa /perangan awak)

Kelas 3 (KM/TS)