Kelas 3 (b. Jawa)

Assalamu'alaikum wr wb.

Anak-anak ku kabeh, coba saiki bapak arep takon marang kowe kabeh, sapa sing bisa nembang (nyanyi) "kodok ngorek" utawa gundhul pacul ? 

- Ning tembang kodok ngorek kuwi sing dadi dokter yakuwi bocah sing pinter. Ora mung dadi dokter, bocah yen pinter dadi apa bae mesti bisa, mankane kowe kudu dadi bocah sing pinter. Kareben pinter ya kudu sregep olehe sinau. Sinau apa bae.

- Ning tembang gundhul pacul ana ukara nyunggi walul, wakul kuwi piranti nggo wadah sega (nasi). Sega kuwi asale saka pari (padi), saka pari banjur kulite dibuwang dadi beras, beras di dang (dimasak) dadi sega.

- Coba saiki goleka arane (jenenge) piranti liya sing biasane dienggo maem sing ana ning omahmu sak liyane wakul.

- Tulisen nganggo aksara Jawa :

1. pari

2. sega

3. kali

Sugeng sinau. aja lali shalat lan ndonga marang Allah SWT. Muga kowe lan keluarga tansah pinaringan rahayu dening Allah SWT. A m i n.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Kelas 2 (B. Jawa/angka takeran)

Kelas 3 (B. Jawa)

Kelas 6 (b. Jawa/macapat ll)