kelas 6 (b. jawa)

 

Kelas 6

Macem-maceme tembung (kata) :                                                         30 Jul

 

1. Tembung lingga (kata asal), tuladha : tuku, turu, cokot, adus, tandur lan sapanunggalane

2. Tembung andhahan (kata jadian), tuladha : nggawa, njupuk, nyuwil, nyepak lan liya liyane.

    Tembung andhahan iki mangko ana ana 3 macem, yaiku amarga oleh ater-ater (awalan), seselan (sisipan) lan panambang (akhiran).

3. Tembung rangkep (kata ulang), tuladha : mlaku-mlaku, mesam-mesem, pepadhang lsp.

4. Tembung kriya (kata kerja), tuladha : nandur, macul, nyiram lly

 

Kanggo saiki cukup iku dhisik sing perlu disinau, amarga mangko maceme tembung sak liyane sing disinau iki isih ana maneh.

 

Saiki coba kowe gawea tuladha (conto) sak liyane tembung-tembung ing dhuwur mau !.

1. Tembung lingga, conto : ...............

2. Tembung andhahan, conto : .............

3. Tembung rangkep, conto : ............

4. Tembung kriya, conto : .............

 

Kowe bisa ndeleng ing LKS utawa yen duwe Pepak ning kana ya lengkap.

 

Tembang macapat                                                                                                      11 Agt

 

Tembang macapat iku cacahe ana 11

 

No

Arane tembang Macapat

Guru gatra

Guru lagu lan guru wilangan

1

2

3

4

5

6

7

8

9

10

1

Asmarandana

7

8i

8a

8e

8a

7a

8u

8a

 

 

 

2

Dhandhang gula

10

10i

10a

8e

7u

9i

7a

6u

8a

12i

7a

3

Durma

7

12a

7i

6a

7a

8i

5a

7i

 

 

 

4

Gambuh

5

7i

10u

12i

8u

8o

 

 

 

 

 

5

Kinanthi

6

8u

8i

8a

8i

8a

8i

 

 

 

 

6

Maskumambang

4

12i

6a

8i

8a

 

 

 

 

 

 

7

Megatruh

5

12u

6i

8u

8i

8o

 

 

 

 

 

8

Mijil

6

10i

6o

10e

10i

6i

6u

 

 

 

 

9

Pangkur

7

8a

11i

8u

7a

12u

8a

8i

 

 

 

10

Pucung

4

12u 

6a

8i

12a

 

 

 

 

 

 

11

Sinom

9

8a

8i

8a

8i

7a

8u

7a

8i

12a

 

 

Tembang macapat iku klebu golongane basa kang pinathok, kaiket wewaton warna-warna, yaiku :

 

tuladha : tembang Pucung

 

Bapak pucung amung sirah klawan gembung

padha dikunjara

mati sak jroning ngaurip

mijil baka si pucung dadi dahana.

 

Tembang pucung iki cacahe ana patang (4) larik/baris

Larik utawa baris ing tembang macapat diarani gatra, dadi tembang pucung ing nduwur ana 4 gatra

 

Banjur ana sing diarani guru wilangan, yaiku cacahe wanda (suku kata) saben sak larik

tulada : padha dikunjara (pa=1, dha=2, di=3, kun=4, ja=5, ra=6) dadi cacahe ana 6 wanda (suku kata)

tembang pucung ing nduwur gatra/garis nomer 2 ana 6 wanda

larik angka 1 ana 12 wanda, larik angka 2 ana 6 wanda, larik angka 3 ana 8 wanda lan larik angka 4 ana 12 wanda

 

Ing tembang macapat uga ana sing diarani guru lagu, yaiku tibane swara ing pungasan utawa padatan diarani uga dong-dinge swara.

guru swara iki anane yaiku : a, i, u, e, o

tembang pucung ing nduwur ana ning swara

bung (larik 1), ra (larik 2), rip (larik 3) lan na (larik 4)

 

1.   Ba pak    pu cung    a mung    si rah    kla wan    gem bung        (12 u

      1      2      3    4       5   6        7  8      9    10      11    12

2.   pa dha    di    kun ja ra                                                              (6 a)                                        

      1     2     3      4    5  6

3.    ma ti    sa jro ning    nga u rip                                                     (8 i)

        1   2    3   4   5         6  7  8

4.   mi jil   ba ka   si pu cung   da di   da ha na                                   (12 a)

      1   2    3   4    5  6   7        8  9   10 11 12  

 

Dadi tembang pucung ing nduwur dumadi saka 4 gatra, 12 u, 6 a, 8 i, 12 a

tembang pucung ing nduwur uga minangka cangkriman utawa bedek an (tebakan)

batangane (jawabane) penthol korek jres.


Komentar

Postingan populer dari blog ini

Kelas 5 (b. Jawa-Kesenian wayang)

Kelas 1 (b. Jawa /perangan awak)

Kelas 3 (KM/TS)