Kelasa 2 (unggah-ungguh basa)
Basa krama lan ngoko. 2 Agustus 2020
Wong caturan (berbicara)
iku kudu nganggo tata krama.
caturan karo wong tuwa
beda karo caturan karo kanca.
Tuladha :
1. Esuk iki kancaku wis
pada teka ning sekolah, ning bapa ibu guru wis rawuh luwih dhisik.
2. Bapak dhahar sate, aku mangan utawa maem gule.
3. Aku mangkat/budhal sekolah didherekne/diterke bapak sing
langsung tindak kantor.
4. Budi numpak sepeha, bapake nitih motor
Lan liya liyane.
- Adhiku turu, simbah
sare.
- Aku maca buku, bu guru
maos layang kabar
Kuwi mau arane unggah-ungguh basa, dadi ora oleh dipadhakake caturan marang wong tuwa lan caturan karo kanca utawa sing padha drajate.
Tak kira iku bae dhisik sing perlu disinau lan kowe bisa gawe conto/tuladha liya, ndelenga ing lks utawa pepak.
Aja lali shalat lan ndonga, mligine kanggo wong tuwamu.
Komentar
Posting Komentar