Paramasastra (kelas 6)

Urut-urutane ukara :

- wanda (suku kata), tuladha : pari iku kaperang (terdiri) saka pa lan ri dadi ana rong wanda

- tembung (kata), tuladha : mlaku, maca, pari, buku lan liya liyane.

- tembung-tembung kuwi yen di sambung (digandeheng-ake) dadi ukara (kalimat)

- pari iku perangane ana rong (2) wanda, yakuwi pa lan ri

- sinau, iku ana telung (3) wanda, yakuwi si, na lan u.

- Aku lagi sinau.(ukara iki kadadeyan saka telung tembung, yakuwi saka tembung Aku, lagi lan sinau)

Iki aku duwe tembang Pucung.

- Bapak Pucung, renteng-renteng kaya kalung        (1)

- dawa kaya ula                                                        (2)

- pencokan mu wesi miring                                       (3)

- lunga teka si pucung mung turut kutha                  (4)

Saiki coba itung-en gatra (baris) angka 2 ana pirang wanda ?

Tembang pucung ing duwur uga bisa di batang (tebak), apa batangane ?

 Kamus :

1. perang = bagi

2. kadadeyan = terdiri

3. pencokan = tumpuan

Wis, cukup semene dhisik, aja lali shalat lan tansah dzikir lan ndedonga, mligine kanggo wong tuwamu sakloron, muga Allah tansah paring kanugrahan, rahayu wilujeng kalis ing sambikala.



Komentar

Postingan populer dari blog ini

Kelas 5 (b. Jawa-Kesenian wayang)

Kelas 3 (KM/TS)

Tip sehat ala kampung