Kelas 1 (b. Jawa /perangan awak)

Assalamu'alikum wr wb.

- Anak-anaak ku ayo sianu basa jawa maneh, ing kalodhangan iki bakal dak bacutake nyinau perangan awak (anggota tubuh).

- Pitakonan sing dhek wingi apa wis diwangsuli, aku pitaya (percaya) mesti uwis.

- dhek wingi ana pitakonan perangan awak sing kanggo ngrasak-ake, legi apa kecut, pait, seger, anyep pedes lan sapanunggalane iku, diarani ilat (lidah)

- Ilat kuwi panggonane ana ning njero tutuk utawa lathi utawa lesan (mulut), tutuk/lathi kuwi kedadean saka lambe 2 ngior lan nduwur.

- Yen kanggo janma manungsa diarani tutuk/lathi utawa lesan, ananging yan kanggo sato kewan ora kena dibasaake tutuk/lathi utawa lesan nanging cangkem, iso uga diarani congor, ning ora saben kewan duwe cangkem utawa congor, pitik lan manuk arane cucuk, njur bebek, menthok lan banyak arane cocor.

- cangkem, cucuk lan cocor kewan gunane mung kanggo mangan lan ngetoake suwara sing saben kewan beda-beda arane.

- Tutuk/lathi utawa lesan-e janma manungsa, kejaba kanggo maem uga kanggo caturan (ngomong) lan uga kanggo ngguyu lan mesem. kuwi bedane antarane janma manungsa lan sato kewan, kewan ora bisa caturan lan ngguyu utawa mesem.

- Mangkane kareben awake dhewe iki ora kaya kewan, tutuk/lathi utawa lesan becike kanggo caturan sing apik, sing bener, syukur-syukur yen tansah dienggo ndonga lan dzikir marang Allah SWt 

- Sing ana ning njero tutuk, kejaba ilat uga ana untu lan cethak.

- Ayo saiki coba wangsulana pitakon ngisor iki !

1. Apa bedane tutuk manungsa lan cangkem kewan ?

2. Menthok, bebek lan banyak ora duwe cangkem ning duwe apa kanggo mangan ?

3. Pitik lan manuk yen mangan nganggo apa ?

4. Becike lesane awake dhewe iki dienggo caturan piye ?

- Semene dhisik,sepisan maneh aja lali shalat lan ndonga kareben lesane migunani kanggo sapada-pada. Muga Allah tangsah pinaringan rahmat lan barokah-E marang kita kabeh lan kowe saha keluarga  tansah pinaringan karaharjan. A m i n.

-Wassalamu'alaikum wr wb.


Komentar

Postingan populer dari blog ini

Kelas 2 (B. Jawa/angka takeran)

Kelas 3 (B. Jawa)

Kelas 6 (b. Jawa/macapat ll)