Kelas 1 (B. Jawa)

Assalamu'alaikum wr wb.

Ayo saiki padha ajar basa jawa maneh, dina iki ayo sinau babagan perangan awak (anggota tubuh)

- Aku duwe kuping gunane kanggo ngrungok-ake.

- Aku duwe mripat kang gunane kanggo ndeleng

- Aku duwe tutuk gunane kanggo caturan (ngomong) uga kanggo maem lan ngombe

- Aku duwe untu kena kangg nyokot utawa ngremus/ngecapi (ngunyah)

- Aku uga duwe ilat kang migunani kanggo ngrasak-ake.

- Aku duwe tangan kanggo nyekel.

- Lan aku duwe sikil kanggo mlaku.

Bocah-bocah, saiki coba pitakon ngisor iki di wangsuli (dijawab)

1. Ibu mau mundhut pelem rasane legi banget. Perangan awak ngendi kang bisa ngrasak-ake legi ?

2. Budhe lagi mirasni acara TV. Yen mirasni nganggo perangan awak sing endi ?

3. Adhine Rani sing umur setahun lagi ajar mlaku. Sing dienggo mlaku kuwi apa ? 

4.Bu Lani nyangking tas isi buku. Perangan awak sing dienggo nyangking kuwi apa ?

- Wis kirane dina iki cukup semene dhisik suk disambung maneh.

Sinambi sinau ning omah aja lali shalat lan tansah ndedonga marang Allah SWT, mligine kanggo wong tuwamu sakloron.

Wassalamu'alaikum wr wb 

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Kelas 2 (B. Jawa/angka takeran)

Kelas 3 (B. Jawa)

Kelas 6 (b. Jawa/macapat ll)