Kelas 2 (b. Jawa /pakaryan)

 Assalamu'alaikum wr wb.

- Anak-anakku ajar basa jawa maneh ya ! Apa pitakonan dhek wingi wis diwangsuli ? 

- Kaya kowe kabeh iki, bocah sekolah kuwi diarani murid utawa siswa. Lan ibu-bapa sing mulang utawa ngajari kowe ning sekolah, kuwi diarani guru. Murid lan guru iku ya kagolong pakaryan, amarga sakloron mau uga ngayahi jejibahan lan pakaryan.

- Bapa-ibu guru duwe pakaryan mulang, lan kowe duwe pakaryan utawa jejibahan sinau utawa belajar.

- Nah didi murid iku ya wis wajibe yen kudu tansah sinau/ajar, sinau babagan apa bae, bakune sinau sing migunani kanggo kabecik-an. Yen taberi (sregep) sinau wekasane dadi pinter. Kowe kabeh rak kepingin dadi wong sing pinter ta ? Mankane aja nganti kendhor anggonmu ngudi ilmu lan kawruh.

- Ibu-bapa guru ning kene duwe pakaryan/jejibahan mulang kowe kareben kowe kabeh dadi wong pinter lan migunani tumrap masyarakat, bangsa, negara lan uga agama. wigatine kareben kowe kabeh dadi wong kang shaleh lan shalihah.

- Bapak-ibu dokter lan juru rawat makarya ngayahi jejibahan aweh pitulung marang wong kang lagi nandang lara, makarya ing Klinik utawa Rumah Sakit..

- Para among tani lan nelayan ngayahi pakaryan nyediakake kebutuhan bahan pangan lan lelawuhan kanggo masyarakat

- Para pilot ngayahi pakaryan nglakok-ake pesawat, para masinis nglakoake kreta utawa sepur, para sopir nglakok-ake montor (mobil), tentara (sara dadu) ngayahi pakaryan njaga keamanan negara lan sapanunggalane.

- Saiki  coba wangsulana pitakon ing ngisor iki !

1. Apa kewajibane murid/siswa ?

2. Dokter lan juru rawat iku panggonane makarya ning endi ?

3. Among tani kuwi panggonane makarya ning endi ?

4. Wong sing pangonan makaryane ning sekolah kuwi sapa arane ?

5. Pak kusir kuwi pakaryane nglakoake apa ?

-Wis samene dhisik, aja lalil shalat lan ndonga marang Allah, muga kowe lan keluarga tansah pinaringan rahmate Allah SWT.

Wassalamu'alaikum wr wb. 

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Kelas 2 (B. Jawa/angka takeran)

Kelas 3 (B. Jawa)

Kelas 6 (b. Jawa/macapat ll)