Kelas 2 (B. Jawa)

Assalamu'alaikum wr wb.

- anak-anak ku kabeh dina iki ayo sinau basa jawa maneh.

- ayo dicoba babagan pakaryan-e uwong (pekerjaan orang)

- Bu Ana saben dina menyang sekolah saperlu mulang. Dadi Bu Ana iku guru (pakaryane dadi guru)

- Saben esuk bakda subuh pak Kriya mangkat menyang sawah. Pakaryane Pak Kriya iku among tani (dadi tani)

- Pak Doni yen mangkat makarya ngangge seragam Polisi. Tegese pakaryane pak Doni iku dadi Polisi.

- isih akeh maneh macem-maceme pakaryan-e uwong, kowe bisa golek tuladha (conto) liyane, umpamane : apa pakaryane ibu/bapak mu utawa pakdhe/budhe, paklik/bulik utawa sapa bae.

- Coba pitakon ngisor iki wangsulana !

1. Wong kang pakaryane nglakok-ake pesawat diarani apa ?

2. Wong kang pakaryane nambani (nyuntik) wong lara ning Rumah Sakit diarani apa ?

3. Wong kang pakaryane dodolan barang sing ning pasar kuwi diarani apa ?

4. Wong kang pakaryane golek iwak ning segara (laut) diarani apa ?

5 Wong kang pakaryane nglkok-ake crita wayang diarani apa ?

- Wis bocah-bocah dak kira cukup semene dhisik suk disambung maneh.

- Pesene bapak, aja lali shalat lan ndonga marang Allah SWT, mligine kanggo wong tuwamu sakloron.

Wassalamu"alaikum wr wb.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Kelas 2 (B. Jawa/angka takeran)

Kelas 3 (B. Jawa)

Kelas 6 (b. Jawa/macapat ll)