Kelas 3 (B. Jawa)

 Assalamu'alaikum wr wb.

- Anak-ank ku kabeh ayo dina iki sinau basa jawa maneh, yakuwi babagan ingon-ingon (ternak)

- Pak Darsa kuwi wong kang prigel ingon-ingon. Ingon-ingone (ternaknya) macem-macem. Ana sapi 4, wedhuse 7 lan uga duwe jaran 2 cacahe. Pak Darsa uga duwe Tambak sing diingoni lele. Pitik lan bebek uga duwe senajan ora akeh banget.

- Ingon-ingon kaya sapi, kebo, jaran lan wedhus iku diarani raja kaya.

- Kewan-kewan sing padhatan diingu ning omah iku diarani kewan ingon-ingon.

- Lha yen kewan sing ana alas (hutan) bangsane macan, bajul/baya (buaya), ula (ular) iku diarani kewan galak.

- Isih akeh maneh macem-maceme kewan, kowe bisa golek tuladha liyane. umpamane yen kowe duwe kucing ning omah, iku ya klebu kewan ingon-ingon utawa yen umpamane ning omahmu ana manuk kenari apa lovebird (iki manuk sing nganggo basa inggris), dara, iku kabeh klebu kewan ingon-ingon.

- Coba saiki wangsulana pitakon ngisor iki !

1. Coba golekana kewan apa bae sing mangane gohong-godhongan !

2. Yen dedhak lan jagung kuwi biasane kanggo makani kewan apa ?

3. Sak liyane macang, baya lan ula kewan apa maneh kang klebu kewan galak ?

4. Coba, kewan apa bae sing klebu kewan segara (laut) ?

5. Kewan apa bae sing bisa ngendhog ?

- Wis dak kira cukup semene dhisik liya dina disambung maneh, aja lali shalat lan tansah ndedonga marang Allah SWT. Muga kowe kabeh lan keluarga tansah pinaringan karaharjan. A m i n.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Kelas 2 (B. Jawa/angka takeran)

Kelas 6 (b. Jawa/macapat ll)