Kelas 3 (b. Jawa)

Assalamu'alaikum wr wb.

- Anak-anakku ayo dibacut-ake siau basa jawa.

- Dhek wingi wis sinau babagan kewan lan ingon-ingon.

- Dadi perangane sato kewang kuwi, anasing diarani kewan ingon-ingon lan kewan galak.

- Sato kewan uga diperang (dibagi) maneh, ana kewan darat, kewan segara lan kewan angkasa.

- Kewan segara yakuwi bangsane iwak-iwakan, yensing bisa ngegana  utawa miber/mabur iku bangsane manuk.

- Bangsane manuk kuwi bisa mabur amarga duwe suwiwi (sayap), dadi sing kanggo mabur/miber kuwi arane suwiwi.

- Bebek, menthog, banyak, pitik ya duwe suwiwi, senajan mabure ora bisa adoh, ning isa mabur.

- Kewan segara utawa kewan sing urip ning banyu kuwi mesti bisa nglangi (renang), dadi kanggo mlaku sak jroning banyu kuwi diarani nglangi (renang)

- Ana maneh kewan sing sing ora duwe suwiwi lan sikil, kewan iki mlakune diarani mrambat, yakuwi ula, cacing lan bekicot, ning ana uga kewan yen mlaku diarani mrambat yakuwi uler. Uler kuwi ana sing ora duwe sikil nanging ya ana sing duwe sikil nanging cilik-cilik tur akeh.

- Saiki coba wangsulana pitakon ning ngisor iki :

1. Perangan awak-e kewan sing kanggo ngambah gegana/mabur kuwi arane apa ?

2. Mlaku (bergerak) sak jroning banyu kuwi arane apa ?

3. Kewan apa bae sing mlakune diarani mrambat ?

4. Kewan apa sing duwe sikil, sikile ora kanggo mlaku utawa mlayu ning kanggo mencolot ?

5. Kewan apa kang sikile papat, nanging sikil 2 sing ana ngarep bisa migunani kaya tangan ?

- Wis cukup semene dhisik, aja lali shalat lan tansah ndonga marang Allah. Muga kowe lan keluarga tansah pinarinan rahmate Allah SWT, a m i n.

Wassalamu'alaikum wr wb


  

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Kelas 2 (B. Jawa/angka takeran)

Kelas 3 (B. Jawa)

Kelas 6 (b. Jawa/macapat ll)