Kelas 4 (B. Jawa)

Assalamu'alaikum wr wb.

- Anank-anak ku wektune sinau basa jawa maneh. Ayo sinau babagan kesenia/budaya jawa

- Ayo sapa sing isa golek tuladha budaya/kesenian jawa ?

- Ya, bener, ana wayang, ludruk, kethoprak, uga jathilan.

- Padhatan (biasane) kesenian jawa kuwi migunak-ake tetabuhan (musik) tradisionil sing diarani gamelan. Gamelan kuwi pepak banget, ana gong sing digandhul kae ana gambang, gender, saron, demung sing dithuthuk, ana siter sing dipetik karo driji, kendhang sing sing ditabuh nganggo tangan (diceplesi).

- Gamelan mau yen wis tumata lan ditabuh (diunek-ake), endah disawang lan kepenak dirungok-ake. Mangkane kesenian/budaya jawa iki kudu tansah diuri-uri kareben ora sirna (ilang)

- Wayang kuwi uga akh maceme, ana wayang kulit (amarga digawe saka kulite sapi/wedhus), wayang uwong,yen ing sunda ana wayang golek (digawe saka kayu).

- Wong sing nyritak-ake lakon wayang (wayang apa bae) diarani dhalang, wong sing nabuh gamelan diarani pengrawit (wiyaga). Padhatan (biasane) ning pewayangan kuwi ana wong kan dibagei kanggo nembang, kuwi diarani sindhen/pesinden (waranggana).

- Saiki coba wangsulana pitakon ngisor iki !

1. Gong kuwi kareben bisa muni kudu diapak-ake ?

2. Gambang kereben muni dikapak-ake ?

3. Kenapa kok diarani wayang kulit ?

4. Sing nglkokake crita wayang kuwi sapa ?

- Wis cukup semene dhisik liya dina disambung maneh. Aja lali shalat lan tansah ndedonga marang Allah SWT, mligine kanggo wong atuwamu sakloron. Muga kowe lan keluarga tansah pinaringan rahayu wilujeng, kalis ing sambi kala. A m i n.




 

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Kelas 2 (B. Jawa/angka takeran)

Kelas 3 (B. Jawa)

Kelas 6 (b. Jawa/macapat ll)