Kelas 4 (kabudayan jawa)

 Assalamu'alaikum wr wb.

- Anak-anakku ayo dibacutke siau basa jawa.

- Dhek wingi wis nyinau kabudayan jawa lan tetabuha  utawa gamelan.

- Saiki ayo disinau babagan budaya utawa seni tradisi jathilan, yen saiki kowe kerep ngarani jaranan.

- Jathilan/jaranan kuwi ngemu pitutur kasatriane para prajurit kang lagi ulah kaprawiran. Prajurit utawa para ksatria mau digambarake nunggang jaran lan ana sing ora nunggang jaran lan kabeh nggawa gegaman (senjata). Gegamane yakuwi panah, keris, tumbak, pedhang sak tamenge lan liya liyane.

- Jathilan iki menawa dimain-ake utawa dilakok-ake kanthi bener dadi lan endahe, sing ora kena kuwi yen dimain-ake karo kalap (kesurupan), amaraga kuwi main bebarengan karo setan, njur wonge bisa kalap lan ngamuk ilang sipat kamaungsane, memba-memba dadi apa bae kaya patrape setan malah kerep memba bangsa kewan, lha ya kuwi sing ora kena. Ditambahi maneh ana bathengane. Ora kaya ngono kuwi.

- Jathilan kuwi uga ditabuhi nganggo gamelan, ning gamelane ora jangkep kaya kang dienggo wayang-an. banjur njoget nirok-ake kaya prajurit wiwit gladhen perang, arep mangkat, dandan nganggo busana kaprajuritan, nyepakake gegaman lan jaran nganti mangkat nang medan laga. Kuwi wose jathilan.

- Saiki coba wangsulana pitakon ngisor iki !

1. Seni jathilan kuwi, nggambarake apa ?

2. Apa bae gegamane prajurit ?

3. Jathilan kuwi ditabuhi nganggo apa ?

4. Gamelan sing munine sarana disebul apa bae ?

- Dhak kira cukup semene dhisik, aja lali sholat lan donga marang Allah SWT. Muga-muga kowe lan keluarga tansah pinaringan rahmate Allah SWT. A m i n.

Wassalamu'alaikum wr wb.


Komentar

Postingan populer dari blog ini

Kelas 2 (B. Jawa/angka takeran)

Kelas 3 (B. Jawa)

Kelas 6 (b. Jawa/macapat ll)