Kelas 5 (b. Jawa)

 Assalamu'alaikum wrwb.

- Anak-anakku ayo dibacut-ake sinau basa jawa.

- Ana sawetara panggonan kang perlu diweruhi : 

1. Alun-alun, iki panggonane ana ning tengah kutha, padhatan (biasane) ning tengahe ana banyu sing muncrat mendhukur diarani "Air Mncur".

2. Coban, yakuwi banyu sing ceblok saka nduwur mengisor padhatan diarani "air terjun", ning saindhenging (sekitar) tlatah (daerah) mu iki akeh banget, ana coban Pelangi, coban Tarzan, cobang jahe lan liya liyane.

3. Pesisir (pantai) kuwi pinggirane segara (laut), sing kerep kowe ngerti ning tlatah kene yakuwi, pesisir Pasir Putih, nJala Sutra, Bale Kambang, Sendhang Biru (sak dawane Bale Kambang - Sendhang Biru kuwi ana akeh pesisir sing cilik-cilik) lan liya liyane.

4. Ara-ara (elinga aksara a diwaca o), yakuwi tanah sing amba (tanah lapang).

5. Latar lan pekarangan, yen latar kuwi ana ning ngarep omah (halaman), yen pekarangan dununge (letaknya) ning mburi omah utawa sak kiwa-tengene (sisih) omah (sebelah rumah).

6. Lor (utara), kidul (selatan), wetan (timur), kulon (barat), ngarep (depan), mburi (belakang), tengen (kanan), kiwa (kiri), ndhuwur/ndhukur (atas), ngisor/isor (bawah), iringan (samping).

- Kanggo saiki cukup semene dhisik, isih akeh maneh panggonan kang wigati perlu diweruhi, amarga kerep dienggo caturan saben dina-dina. Yen ora disinau mengko basa jawa iki dadi asing/aneh..

- Kanggo latihan, coba tulisen nganggo aksara jawa :

1. a. Lor, b. kidul, c. wetan, d. kulon, e. kiwa, f. tengen, g. ngisor, h. ndhuwur

2. a. coban Pelangi, b.coban Jahe, c. coban Jidhor

3. a. Gunung Semeru, b. gunung Bromo, c. gunung Kawi 

- Wis cukup samene dhisik, aja lali shalat lan ndonga marang Allah. Muga kowe kabeh lan keluarga tansah pinaringan rahmat saka Allah SWT, a m i n.

Wassalamu'alaikum wr wb.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Kelas 2 (B. Jawa/angka takeran)

Kelas 3 (B. Jawa)

Kelas 6 (b. Jawa/macapat ll)