Kelas 6 ( B. Jawa)

 Assalamu'alaikum wr wb.

- Anak-anak ku wayahe sinahu basa jawa maneh.

- Ning panggonane dhewe iki mangsa (musim) iku ana ketiga lan rendheng.

- Yen lagi akeh udan kaya dina-dina iki diarani mangsa rendheng, kosok baline yen lagi ora ana udan kae diarani mangsa ketiga (kemarau).

- mangsa rendheng kuwi padhatan (biasane) diwiwiti ing sasi (bulan) September pungkasan mengko kira-kira nganti Maret. Iku mau ya mung kira-kira kadhang kala ya ora pas bener, sasi Maret utawa April isih ana sisasisa udan (kuwi yen wong jawa ngarani salah mangsa).

- Yen rendheng ngene iki menawa arep udan ana titikane/titenane (tanda-tandanya), yakuwi : langite mendhung, kadhang kala ya ana gludhug barang utawa hawane panas sing marak-ake sumuk.

- kowe kabeh mestine wis ngerti saka pelajaran tema yen udan kuwi kedadeyane piye, yaiku saka banyu laut sing nguap njur dadi awan/mendhung, ning dhuwur kena panas njalari mendhung mau leleh lan dadi banyu maneh, njur rutuh menyang bumi (kira-kira kaya ngono kuwi)

- Sing kudu digatekake yakuwi anane prahara banjir utawa tanah longsor saka anane banyu gedhe wayah rendheng iki. Mulane aja sok mbuwang uwuh (sampah) sembarangan apa maneg ning kali utawa dalan banya liyane. Amarga uwuh mau njalari sumpete dalan banyu lan yen banyune gedhe lan rosa sampahe kalah, yakuwi sing ndadek-ake banjir. Kali sing banjir ana ereng-erenge bukit utawa gunung njalari longsor amarga lemahe sing ngisor kagerus karo banyu banjir.

- Dak kira cukup iku dhisik, mangko disambung maneh. Kanggo latihan coba wangsulana pitakon ngisor iki !

1. Apa bae sing bisa rusak amarga ana prahara banjir ?

2. Yen banyu banjir nggerus ereng-erenge bukit kedadeyan apa sing bakal tuwuh ?

3. Yen banjir mau nganti mlebu menyang kampung panggonane uwong, apa bae akibate ?

- Coba tulisen nganggo aksara jawa !

1. mangsa rendheng akeh udan.

2. mangsa ketiga akeh alas kobong

3. banjir nuwuhake kapitunan.

- Sepisan maneh pesenku, aja nganti ninggalake shalat lan tansah ndedonga marang Allah SWT. Muga kowe kabeh tansah pinaringan karaharjan lan rahmating Allah SWT. A m i n.

- Wassalamu'alaikum wr wb.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Kelas 2 (B. Jawa/angka takeran)

Kelas 3 (B. Jawa)

Kelas 6 (b. Jawa/macapat ll)