Kelas 6 (b. Jawa/prahara)

 Assalamu'alaikum wr wb.

- Anak-anak ku ayo dibacutake sinau basa jawa.

- Ana sing wis mangerteni, apa prahara iku ?

- Prahara kuwi tegese bencana yen ing bahasa Indonesia. Akeh maceme prahara ing antarane :

1. Prahara gunung mbledhos (njeblug), banjir, longsor, angin lesus (puting beliung), lindhu (gempa), kobongan (kebakaran).

2. Paceklik, yakuwi larang pangan (bahan makanan) utawa angel golek bahan pangan kaya beras, jagung, gula lan liya liyne, kahanan iki biasane a. marga para among tani ora bisa panen krana mangsa (musim) sing ora apik. Kahanan kaya ngene iki saikai wis ora pati ana amarga wis akah barang sing bisa ditekak-ke saka manca negara (import).

3. Pageblug, yakuwi prahara anane penyakit kaya saiki iki (wabah yen ing bahasa Indonesia), istilah sing umum maneh yakuwi "pandemi". Kahanan iki amarga lagi ana wabah penyakit nular sing mbebayani lan ganas. Coba sapa sing weruh saiki iki lagi ana wabah penyakit apa ?


- Coba saiki golek-a maneh prahara apa bae sing nate ana ning tlatah (daerah) mu iki !

- Kangge latihan nulis aksara jawa, coba tulisen :

1. a. banjir, b. longsor, c. lindhu, d. alas kobong

2. a. sing waspada, b. kudu ngati-ati, c. tansah njaga karesikan.

- Wis kuwi bae dhisik, aja lali shalat lan ndonga marang Allah SWT. Muga kowe lan keluarga tansah pinaringan rahmat saka Allah SWT, a m i n.

.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Kelas 2 (B. Jawa/angka takeran)

Kelas 3 (B. Jawa)

Kelas 6 (b. Jawa/macapat ll)