Kelas 1 (b. jawa/angka)

Assalamu'alaikum wr wb.


- Anak-anak ku, ayo saiki diambali maneh sinau angka ing basa jawa !

- Coba saiki ajara itungan siji nganti rongpuluh (1 - 20). Yen uwis tulisen ning bukumu !

- Saiki coba itungan mau nganggo basa jawa : setunggal, kalih, tiga, sekawan, gangsal, enem, pitu, wolu, sanga, sedasa, sewelas kalih welas, tiga welas, sekawan welas, gangsal welas, nembelas, pitulas, wolulas, sangalas, kalih dasa.

- Saiki coba digatek ake tuladha (conto) ngisor iki :

1. Aku saiki wis ana ning kelas siji. (sekarang saya sudah kelas satu)

2. Sak menika kula sampun kelas setunggal (iki yen dibasak ke).

- Ukara iki coba owahana dadi ngoko (diubah jadi kalimat biasa)

1. Kangmas kula sak menika sampun kelas kalih SMP.

2. Kula gadhah ayam cacahipun sekawan.

3. Kucing kula wonten tiga.

- Wis kuwi bae dhisik, sugeng ajar basa jawa, aja lali shalat lan ndedonga marang Allah SWT. Muga sliramu saha keluarga tansah pinaringan karaharjan lan rahmate Gusti Allah. A m i n.

Wassalamu'alaikum wr wb.

__________

Bambang Efendi HW

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Kelas 2 (B. Jawa/angka takeran)

Kelas 3 (B. Jawa)

Kelas 6 (b. Jawa/macapat ll)