Kelas 2 (B. Jawa/angka takeran)

 Assalamu'alaikum wr wb

- Anak-anakku saiki ayo diambali maneh ajar basa jawa babagan angka kanggo taeran (ukuran).

- Dak kira kowe kabeh wis  bisa lan ngerti angka-angka ning gambar nduwur

- Sak banjure saiki ayo dicoba ajar angka sing kanggo takeran (ukuran) :

- Tuladha : sak kilo (1 kg), rong wungkus (2 bungkus), telung dina (tiga hari), patang ler (4 batang), limang gelas (5 gelas) sak piturute.

1. Aku diutus ibu mundhut gula sak kilo (saya disuruh ibu beli gula 1 kg)

2. Doni diutus ibu-ne, tuku sega pecel rong wungkus (Doni disuruh ibunya beli nasi pecel 2 bungkus)

3. Wis telung dina iki udan ngrecih (sudah 3 hari hujan tiada henti).

- Saiki coba kowe gawea ukara sing nganggo angka takeran (ukuran) !

- Sugeng ajar basa jawa, aja lali shalat lan ndonga marang Allah kareben kowe lan keluarga tansah pinaringan kanugrahan lan rahmate Gusti Allah SWT. A m i n.

Wassalamu'alaikum wr wb.

____________

Bambang Efendi HW

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Kelas 2 (B. Jawa/angka takeran)

Kelas 3 (B. Jawa)

Kelas 6 (b. Jawa/macapat ll)