Kelas 2 (B. Jawa/angka takeran)

 Assalamu'alaikum wr wb.

- Anak-anak ku, ayo dibacutake anggone sinau basa jawa babagan angka kanggo takeran (ukuran);

1 = siji = sak/se

2 = loro = rong

3 = telu = telung

4 = papat = patang

5 = lima = limang.

- Tuladha :

1. Ibu mundhut gula se/sak kilo. (Ibu beli gula satu kilo)

2. Wis rong dina Ardi ora mlebu sekolah. (sudah dua hari Ardi tidak masuk sekolah)

3. Dawane tali iki telung depa. (Panjang tali ini tiga hasta)

4. Aku maem sate patang sunduk.(Saya makan sate empat tusuk)

5. Budhe mundhut tape ketan ireng limang wungkus. (Bude membeli tape keten hitam lima bungkus).

- sepuluh, rong puluh, telung puluh, patang puluh iku uga angka takeran/ukuran.

- ning yen 50 ora kena diwaca limang puluh, nanging seket, semono uga 60, ora kena diwaca nempuluh, nanging suwidak.

- Sugeng ajar basa jawa, aja ;a;i shalat lan ndonga kareben kowe lan keluarga tansah pinarinan rahmate Gusti Allah SWT. A m i n.

Wassalamu'alaikum wr wb

_________

Bambang Efendi HW

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Kelas 3 (B. Jawa)

Kelas 6 (b. Jawa/macapat ll)