Kelas 3 (B. Jawa/cangkriman)

 Assalam’alaikum wr wb

-  Anak-anakku, ayo sinau basa jawa maneh. Saiki ayo sinau sinambi dolanan cangkriman (tebak-tebakan).

-  Iki ana cangkriman mangkene :

1.     Ana bocah cilik menyag endi-endi nggawa omah. Apa batangane

(ada nanak kecil kemana-mana selalu membawa rumah)

2.     Yen bosok malah saya enak, kuwi apa ? coba batangen

(Kalau busuk semakin enak)

                           

           1                                             2

- Gambar nomer 1 kuwi batangane cangkriman nomer 1 lan gambar nomer 2 kanggo mbatang cangkriman nomer 2

- Coba saiki golek-a cangkriman liyane, akeh banget.

- Bakune, ajar basa jawa kuwi gampang lan nyenengake, mung srana cangkriman bae wis bisa sinau basa jawa. Tembung utawa ukara kang maune kowe durung weruh dadi weruh, barang sing maune kowe durung nate ngerti dadi ngerti.

- Wingi rak wis dak ajari basa jawa nganggo tembang ta ?

- Rak sarwa penak ta sinau basa jawa, bisa nganggo tembang lan cangkriman.

- Iki ayo batangen, dak wenehi cangkriman maneh :

3. Dikethok malah saya duwur, apa batangane ?

4. Dicokot bongkote, sing kelong malah pucuk-e, apa ?

5. Mbok-e dielus-elus, anake di idak-idak, kuwi apa ?

- Sugeng ajar basa jawa kanthi cangkriman, ning aja lali shalat lan ndonga ing ngarsane Gusti Allah, kareben tansah pinaringan karaharjan lan rahmate Allah SWT. A m i n.

Wassalamu'alaikum wr wb.

_____________

Bambang Efendi HW

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Kelas 2 (B. Jawa/angka takeran)

Kelas 3 (B. Jawa)

Kelas 6 (b. Jawa/macapat ll)