Kelas 4 (B. Jawa/cangkriman)

Assalamu'alaikum wr wb.

- Anak-anakku ayo saiki ajar basa jawa nganggo cangkriman.

- Apa ta cangkriman kuwi ? Cangkriman kuwi yen ana ing bahasa Indonesia tebak-tebakan utawa teka teki sing kudu di batang (ditebak), tak wenehi tuladha :

- Ana sapi ngadep ngetan, buntute ning endi ? (ada sapi menghadap ke timur, ekornya dimana ?)

- Cangkriman iki batangane (tebakannya) buntute ana ning mburi (ning bokong) tegese ekornya tetap ada di belakang bukan di barat. Kuwi mau arane cangkriman.

- Coba saiki batangen cangkriman ngisor iki :

1, Darbe siung ora duwe untu, senengane mangan buntute. Apa iku ? Nek tak nggo basa Indonesia mangkene : Punya taring tidak punya gigi, sukanya makan ekornya sendiri.

2. Kayu mati diubet ula mati, batangane apa ?

3. Duwe rambut ora duwe endhas kuwi apa ?

               



- Wis, saiki coba kowe goleka cangkriman liyane (akeh banget ya). Bakune, ajar basa jawa kuwi gampang lan nyenengake, mung srana cangkriman bae wis akeh sing bisa disinau, tembung utawa ukara sing maune durung nate krungu utawa weruh amarga cangkriman dadi mangerteni.

- Ayo, gambar isor iki gawenen cangkriman !

              4                                              5

          

- Gambar nomer 5 cangkrimane bisa digawe macem 2, cobanen !

- Wis, sugeng ajar basa jawa srana cangkriman, ning sepisan maneh, aja lali shalat lan tansah ndedonga ning ngarsane Allah SWT, kareben kowe lan keluarga kabeh tansan pinaringan karaharjan lan rahmat kang lumintu saka Allah SWT. A m i n.

Wassalamu'alaikum wr wb.

___________

Bambang Efendi HW

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Kelas 2 (B. Jawa/angka takeran)

Kelas 3 (B. Jawa)

Kelas 6 (b. Jawa/macapat ll)