Kelas 4 (B. Jawa/layangan)

 Assalamu’alaikum wr wb.

Ing Minggu esuk iki Agus lan Budi runtang-runtung wong loro karo nggawa layangan lan bolah (benang). Sajake bocah sakloron arep dolanan layangan menyang pinggir sawah kang parine wis mentas dipanen. Sak tekane pinggir sawah ing kana uga wis ana saweneh bocah liya kang uga lagi dolan layangan.

Ora let suwe, layangan sing digawa saka ngomah wis diumbulake, amarga ning pinggir sawah angine rada gede, mangka ya gampang bae bocah loro mau anggone ngumbulne layangane. Bareng layangan wis mumbul petit njur didu karo layangane bocah liya sing ana kadohan. Layangan sing didu iku arane sambitan.

Wis sawatara Budi lan Agus anggone layangan, mbarengi srengengene kan tansaya dhuwur lan mundhak panas, kejaba saka kuwi bocah loro uga wis kateg lan sayah anggone dolanan tumuli sakloron padha bali mulih saperlu nindakake pakaryan liya mbantu bapak ibuke reresik omah lan uga sinau ska ngomah.

_____________

-          Anak-anak ku sak bare maca crita ing nduwur, coba kowe uga bisa gawe crita dewe kaya tuladha, crita bisa kok gawe ing babagan apa bae. Kepara iku yen saka pengalamanmu dhewe malah luwih prayoga. Mengko critamu kirimna menyang wali kelasmu.

-          Sugeng ajar gawe crita nganggo basa jawa, muga kowe kabeh tansah pinaringan rahmate gusti Allah SWT, a m i n.

Wassalamu’alaikum wr wb

____________

Bambang Efendi HW

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Kelas 2 (B. Jawa/angka takeran)

Kelas 3 (B. Jawa)

Kelas 6 (b. Jawa/macapat ll)