Kelas 5 (B. Jawa/cangkriman)

 Assalamu'alaikm wr wb

- Anak-anakku ayo saiki dolanan cangkriman, iki aku duwe cangkriman, coba batangen :

1. Pitik walik saba kebon, batangane apa ?

2. Sega sak kepel dirubung semut, kuwi apa ?

3. Ibune siji anake 2, yen ibune 2 anake 1, ning yen ibune 3 ora duwe anak, coba batangen !

- Bocah-bocah, dak jarwani dhisik, cangkriman kuwi yen ing bahasa Indonesia tegese "tebak-tebakan utawa teka teki", mbatang tegese nebak, batangan tegese tebakan. Ning duwur mau cangkriman wancah (bebas).

- Ana maneh cangkriman kang arupa tembang Pucung.yaiku tembang sing ana paugerane (aturane) iki tuladhane (contone) :

4.  Bapak pucung, amung sirah klawan gembung.

     Padha dikunjara,

     mati sakjroning ngaurip

     mijil baka si pucung dadi dahana

-       - Tembang pucung  mau batangane yakuwi "korek jres"

5. Iki uga cangkriman bapak pucung, coba batangen !

- Bapak pucung bunder bunder saka pohung, isi gula jawa, dipangan sajak mirasa, mung ing jawa panganan iki kang ana. (batangane cangkriman kaya gambar isor iki)





- Yen disetitekake (dicermati), cangkriman nomer 4 lan 5 duwe guru wilangan (jumlah suku kata) sing padha. Kekarone duweni cacah larik (jumlah baris) sing padha yakuwi 4 larik, nomer lima yen diurut menisor yo dadi 4 larik.

- Kanggo latihan, saiki coba kowe goleka cangkriman liyane, sembarang oleh cangkriman wancah oleh cangkriman pucung.

- Wose ajar basa jawa kuwi nyenengake, mung srana cangkriman bae wis kena kanggo ajar basa jawa, Ning cangkriman mau akeh tembung sing sak durunge ora dingerteni banjur kowe dadi ngerti (weruh).

- Sugeng ajar lan sinau basa jawa. Aja lali shlat lan ndonga ing garsane gusti Allah kareben tansah pinaringan karaharjan kowe lan keluargamu kabeh. A m i n.

Wassalamu'alaikum wr wb.

___________  

Bambang Efendi HW

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Kelas 2 (B. Jawa/angka takeran)

Kelas 3 (B. Jawa)

Kelas 6 (b. Jawa/macapat ll)