Kelas 5 (b. jawa/dolanan)

Assalamu'alaikum wr wb.

- Bocah-bocah, ayo dibacutake sinau basa jawa. Ayo saiki disinau kanthi dolanan tradisionil.

- Sapa ing antarane kowe kabeh sing wis tau weruh dolanan kang arane egrang.

- Lha ya iki kang diarani dolanan egrang. Digawe saka pring dawa, njur sing isor diwenehi poncotan kanggo papane dlamak-an sikil. Iki duwure macem-macem, manut kekarepane kang bakal ngenggo egrang iki, ana sing seneng dhuwur, ana sing seneng cendhek.

- Akeh banget maceme dolanan tradisionil kuwi, kowe dak deleng kerep dolanan bentengan ning latar sekolah, kuwi ya dolanan tradisionil. 

- Ana sing arane bendhan, dakon, obak sodor, enthik lan liya liyane.

- Kabeh dolanan mau kanggo ngraketake kekancan utawa paseduluran. Mangkane yen lagi dolanan ora keno sok nesu (marah) karo kancane. Dolanan bareng kanca-kancane dilakoni kanthi guyub rukun, amarga "rukun agawe santosa, yen congkrah (ora bersatu) agawe bubrah (bercerai-berai)".

- Dolanan dilakoni kanthi ati sing bungah uga bisa ndadekake seger kuwarasan tumrape awak (badan). Mulane dolanan tradisionil kuwi apik kanggo kowe kabeh.

- Saiki aku arep takon, sapa ing antarane kowe kabeh sing bisa gawe layangan lan ngumbulake ? Coba mengko yen kowe layangan di video trus dikirimake ning sekolah (bisa liwat WA wali kelas).

- Wangsulana pitakon ngisor iki !

1. Ngedu layangan kuwi diarani apa ?

2. Layangan bisa mumbul amarga ing angkasa ana apa ?

3. Bocah iki lagi dolanan apa ?







- Wis, iki dhisik, sugeng sinau basa jawa kanthi srana dolanan ning omah, ning senajan dolanan aja nganti lali shalat lan tansah ndonga marang Gusti Allah. Muga kowe lan keluarga kabeh tansah pinaringan rahmate Allah SWT. A m i n.

Wassalamu'alaikum wr wb

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Kelas 2 (B. Jawa/angka takeran)

Kelas 3 (B. Jawa)

Kelas 6 (b. Jawa/macapat ll)