Kelas 5 (B. Jawa/tetanen)

 Assalamu’alaikum wr wb.


 Esuk iki mau aku mlaku-mlaku mubeng ing saindenging sawah, ning kana aku bisa nyawang tetanturan kang ijo royo-royo, ana uga tanduran pari sing wis wayahe panen wernane wis dadi kuning, ana tanduran Lombok, tomat, terong, sawi lan kubis, saweneh ana uga kang ditanduri jagung lan tela ambat.

Bakune, endah banget sesawangan ing sawah. Aku mlaku sakturute galengan pinggir sawah kang saperangane ana kang ditanduri klapa utawa gedhang sawatara jarake saperlu kanggo anggel galengan mau.

Dak sawang saka kadohan para among tani wis padha utun anggone ulah tetanen ngrumat tandurane. Ana kang lagi nyemprot, lagi matun lagi naleni tomat ing lanjarane, kepara ana uga kang lagi manen.

Kuwi mau kegiyatanku esuk iki kanggo ngisi dina Ahad sing seger kebak kaendahan ning desaku, kancaku kabeh uga bisa gawe crita kaya critaku iki ing babagan apa bae. N u w u n.

 

-    Anak-anak ku kabeh, pari, ketan, jagung lan kacang kuwi diarani tanduran pala wija, banjur tela rambat lan tela kaspe (puhung) apa dene uwi, tales lan bentul kuwi klebu tanduran pala pendhem. Ana maneh kang diarani pala gumantung kaya rambusah (manisah), gambas, kacang kara, buncis lan liya liyane. Uga ana kanga aran pala rambat, tomat, tela rambat, kacang rambat lan spanunggalane kuwi kang sinebut pala rambat.

-    Sebutan utawa aran-aran mau padhatan pancen disematake saka anggone uripe tanduran-tanduran mau. Amarga who-e nggandul/nggantung mangka disebut pala gumandhul utawa pala gumantung, amarga tanduran mua uripe krana mrambat, mangka sinebut pala rambat, sing wohe ana ing njero lemah diarani pala pendhem, lan spiturute.

-       Sakwise maca crita ing nduwur mau coba kowe gawea crita cekak dewe, babagan apa bae sing kok alami !

-   Sugeng ajar basa jawa lan gawe crita nganggo basa jawa. Muga kowe kabeh tansah pinaringan rahmate gusti Allah SWT

Wassalamu’alaikum wr wb

________

Bambang Efendi HW

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Kelas 2 (B. Jawa/angka takeran)

Kelas 3 (B. Jawa)

Kelas 6 (b. Jawa/macapat ll)