Kelas 6 (B. Jawa/cangkriman)

Assalamu'alaikum wr wb.

- Anak-anak ku ayo saiki dolanan cang kriman :

1. Ora mudhun-mudhun yen ora nggawa mrica sak kantong batangane apa ?

2. Dikethok saya duwur apa batangane ?

3. Anake di idak-idak, emboke dielus-elus apa batangane ?

- Dak kira kowe mesti wis bisa mbatang cangkriman telu ing nduwur.

- Sak banjure kowe gawea cang kriman sing batangane kaya gambar isor iki !

                  4.                                           5

      

- Gambar nomer 4 cangkrimane bisa digawe rong macem, dadi saka gambar 2 kuwi kowe bisa gawe cangkriman 3 cacahe !

- Njur iki cangkriman kang wujud tembang !

6. Bapak pucung, amung sirah klawan gembung, padha dikunjara, mati sajroning ngaurip, mijil baka sipucung dadi dahana.





7. Bapak pucung, tanpa untu darbe siyung, badanira panjang, tutukira pan pesagi, dina- dina pocung nedha buntutira.




8. Bapak pucung bunder bunder saka pohung, isi gula jawa, dipangan sajak mirasa, mung ing jawa panganan iki kang ana.




      

- Anak-anak ku cangkriman nomer 6, 7 lan 8 batangane kaya ing gambar iku, kowe bisa sinau tembung-tembung (kata) sing ana cangkriman pucung mau.

- Sugeng ajar basa jawa, aja lali shalat lan tansah ndedonga ing ngarsane gusti Allah SWT. Muga kowe lan keluarga tansah pinaringan karaharjan. A m i n.  

Wassalamu'alaikum wr wb

______________

Bambang Efendi HW.

 

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Kelas 2 (B. Jawa/angka takeran)

Kelas 3 (B. Jawa)

Kelas 6 (b. Jawa/macapat ll)