Kelas 6 (B. Jawa/wayang)

Assalamu'alaikum wr wb.


- Anak-ank ku, ayo saiki sinau basa jawa babagan wayang

- Ning wayang, Mahabaratha kuwi tegese keturunan (trah) baratha. Anak-anak put njur dadi : Kurawa lan Pandawa.

- Kurawa kuwi cacahe ana 100, mankane dijuluki sata (100) kurawa sing mbarep (no 1) jenenge Duryudana utawa Suyudana, uga Kurupati sing dadi raja ning negara Ngastina.

- Banjur Pandawa, cacahe ana 5, yakuwi Puntadewa (mbarep/no. 1), Bima (panenggak/no. 2), Arjuna (panengah/no. 3), Nakula lan Sedewa (dulur kembar).

- Puntadewa uga duwe jeneng, Yudistira, Darmakusumo, Samiaji ratu ing Ngamarta.

- Bima, jenenge liya Werkudara, Bratasena, Birawa, Bayu Butra

- Arjuna duwe jeneng liya Janaka, Permadi, Dananjaya, Wijanarka.

- Padhatan jenenge wayang kuwi luwih saka siji sing diarani dasa nama tegese jenenge akeh.

- Sing bisa dienggo tuladha ing babagan pewayangan iki, yakuwi antarane wong kang duwe sifat (karakter) apik lan becik yaiku para Pandawa lan wong kang sifate ala, budi candala sing diduweni para sata Kurawa. Mangkane yen lagi perang antarane Pandawa musuh Kurawa kuwi Pandawa mesti menang, tegese kabecikan (kebaikan) iku mesti menang saka sing ora apik lan ora becik.(ja'al haqqu wajahaqal bathil, inal batila kana jahuqa/QS Al Israa ayat 81)

- Bakune, ning babagan pewayangan iku akeh banget ular-ular. wewarah (nsehat), pitutur luhur sing bisa di tuladhani (diconto).

- Pandawa iku duwe aji-aji utawa jimat, piandel sing arane Jamus Kalimasada, kuwi conto yen Kalimasada iku sakjane ngono "Kalimah Syahadat". Mangkane yen kita kabeh tansah nggegem kalimah syahadat mestine bakal dadi wong kang becik tumindake. 

 - Dak kira kuwi bae dhisik, kanggo latihan coba garapen soal ngisor iki !

1. Kurawa kuwi cacahe ana pira ? sing mbarep sapa ?

2. Pandawa kuwi ana pira ? sapa bae ?

3. Dasanama kuwi tegese apa ?

4. Piandele Pandawa kuwi jenenge apa ?

- Sugeng ajar basa jawa, aja lali shalat lan tansah ndedonga marang Gusti Allah kareben kowe lan keluarga tansah pinaringan karaharjan lan rahmat saka Gusli Allah SWT. A m i n.

Wassalamu'alaikum wr wb.

 _____________

Bambang Efendi HW,

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Kelas 2 (B. Jawa/angka takeran)

Kelas 3 (B. Jawa)

Kelas 6 (b. Jawa/macapat ll)