Kelas 6 (basa jawa/njaga kelestarian)

Assalamu'alaikum wr wb.

- Bocah-bocah, dibacutake sinau basa jawa. Yen dhek wingi sinau babagan prahara, yaiku banjir, longsor, lindhu, angin lesus, alas kobong (kobongan) lan liya liyane.

- Kareben prahra mau bisa di engkrek (dicegah), kamangka kita kabeh kudu tansah nggatekake utawa nglestarek-ake keseimbangan alam. 


- Tegese, ayo padha tansah njaga karesikan, aja sok ngguwang regetan, kotoran, larahan utawa uwuh (sampah) ning sembarang panggonan, apa maneh yen dibuwang ning larenan utawa kali, kuwi sing marahi nyumpeti iline banyu lan ndadekake banjir.

- Uwuh utawa larahan sing saka godhong-godongan utawa saka tanduran becike dipendhem, digawekake jugangan, kuwi bisa dadi rabuk sing marakake lemah subur lan lemahe pangah bisa dadi resepane banyu udan. Njur larahan sing saka plastik utawa kertas prayogane diobong.

- Kanthi kaya mangkonao mau, tegese kita kabeh melu njaga keseimbangan alam lan nduweni pangajab kanggo ngurangi anane bebaya lan prahara. Ya pancen prahara kuwi kersane Allah, nanging ora sethithik prahara mau kedadeyan amarga ulahe manungsa. Tuladhane, nebang wit-witan saka alas utawa ereng-ereng gunung sak kepenake, lan sapanunggalane.

- Saiki coba kowe nandura kembang utawa wit-witan ing latar utawa pekaranganmu (gawea videone olehmu nandur, njur kirimna menyang wali kelasmu !)

- Wangsulana pitakon ning ngisor iki !

1. Prahara banjir lan tanah longsor kuwi sok kedadeyan ing mangsa apa ?

2. Yen mangsa ketiga sok kedadeyan prahara apa ?

3. Kerep ana alas kobong kuwi ing mangsa apa ?

4. Titikane (tanda) yen arep udan kuwi kepriye ?

- Sugeng ajar basa jawa, sepisan maneh aja nganti lali shalat lan tansah ndedonga marang Gusti Allah. Muga kowe lan keluarga kabeh tansah pinaringan rahmate Allah SWT. A m i n.

Wassalamu'alaikum wr wb.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Kelas 2 (B. Jawa/angka takeran)

Kelas 3 (B. Jawa)

Kelas 6 (b. Jawa/macapat ll)