kelas 4 (B. Jawa/paramasastra)

Assalamu'alaikum wr wb.

- Alhamdulillah, saiki wis ngancik ing semester kang kaping pindho, ayo padha sinau maneh kanthi utun lan sengkut kareben antuk tambahing ngelmu kang barokah kanggo sanguning urip.

- Anak-anak ku kabeh ing kalodhangan iki ayo diambali maneh anggone gladi unggah-ungguh basa.

- Dak wiwiti, yen kowe pamit ibu utawa bapak mu arep mangkat sekolah, mangka basa sing trep kok ucapake yakuwi : "Bapak/ibu, kula nyuwun pamit badhe bidal/mangkat sekolah, nyuwun tambahing pangestu !" kanthi salim lan cium tangan, banjur salam "Assalamu'alaikum" 

- Teka ning sekolahan, salim menyang bapak/ibu guru kanti ngucap salam : "Assalamu'alaikum" banjur dibacutke ngucap, "Sugeng enjang ibu/bapak"

- Arep menyang kelas ketemu karo kanca uga salam lan kowe bisa ngucap piye kabarmu dina iki ? kena uga diucapake nganggo basa Inggris How are you to day ?

- Lan yeng sing luwih dhisik salam kancamu, mangka sakwise mangsuli salam, yen kowe ditakoni "piye kabarmu dina iki ?" wangsulana, "Alhamdulillah apik". lan yen ngango basa inggris "How are you to day ?" wangsulana, "Alhamdulillah I am fine !"

- Bar kuwi kowe kena caturan/omong-omongan sing liya liyane apa wae.

- Dak kira kuwi bae dhisik, ayo tansah ngugemi pranatan jawa, amarga awake dhewe iki wong jawa, lan pranatan jawa kuwi adiluhung.

- Sugeng sinau, aja lali shalt lan tansah nyenyuwun marang gusti Allah SWT, kareben kowe saha keluargamu mligine wong tuwamu sakloron (bapak lan ibu mu) pinaringan rahmate Panjengane, kalis ing sambikala lan digampangake samubarange. A m i n.

Wassalamu'alaikum wr wb.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Kelas 2 (B. Jawa/angka takeran)

Kelas 3 (B. Jawa)

Kelas 6 (b. Jawa/macapat ll)