Kelas 5 (b. Jawa/paramasastra)

Assalamu'alaikum wr wb.

- Alhamdulillah, sakwise libur semester saiki ayo diwiwiti maneh angone sinau kanti semangat anyar meestine.

- Ing kalodhangan iki ayo diambali maneh gladhi unggah-ungguh lan tata krama sing trep tumrapin bebrayan.

- Tembung : Nyuwun sewu, Pangapunten lan matur sembah nuwun utawa matur nuwun.

- Nyuwun sewu kuwi yen ing bahasa Indonesia "permisi", bahasa inggrise "excuse me/pardon me".

- Arep caturan (omong), arep liwat ing ngarepe wong liya, arep takon utawa apa bae becike diwiwiti nganggo tembug nyuwun sewu.

Tuladha : - Nyuwun sewu badhe nyuwun pirsa (permisi mau tanya).

              - Nyuwun sewu (amarga kowe arep liwat ning ngarepe wong liya utawa arep ndhisiki).

- Pangapunten kuwi tegese "maaf". Tembung iki dienggo ora mung yen gawe salah, nanging senajan ora gawe salah ya apik, tuladha : "pangapunten, menika kunci panjenengan dhawah (maaf ini kuncinya jatuh)". Bisa uga kanggo ngganti tembung "nyuwun sewu". Dadi tembung nyuwun sewu lan pangapunten kuwi cedhak banget pigunane. Mung yen kanggo tumindhak sing gawe kesalahan ora kena nganggo tembung nyuwun sewu. Umpamane : kanthi ora sengaja lagi mlaku kowe nabrak wong liya, ora kena ngiucap nyuwun sewu, nanging "pangapunten". 

- Matur sembah nuwun utawa matur nuwun kuwi tegese "terima kasih", bahasa inggrise "thank you utawa disingkat thank's".

- Prayogane yen bar caturan (omong-omongan) utawa apa bae karo liyan biasane ngucap "matur sembah nuwun utawa matur nuwun". Tuladha : "matur sembah nuwun kawigatosanipun (terima kasih atas perhatiannya)". Apa maneh yen bar diparingi, wis sak mestine kudu ngucap matur sembah nuwun.

- Anak-anak ku kabeh, ayo diwiwiti nganggo tata krama lan unggah-ungguh sing becik kanthi terus sinau lan dilakoni (dipraktekake) ing bebrayan (dalam kehidupan sehari-hari), kareben kowe kabeh dadi wong kang aji amarga ngajeni marang liyan, ya mung wong kang bisa ngajeni marang liyan kuwi sing diarani wong kang aji (orang yang bisa menghormati orang lain dialah orang yang terhormat).

- Kuwi bae dhisik, liya dina bisa disambung maneh. Sugeng sinau, aja lali shalat lan tansah ndedonga marang Allah SWT, muga kowe lan keluarga, mligine wong tuwamu sak kloron (bapak lan Ibu) pinaringan rahmate gusti Allah lan diparingi kesehatan saha digampangake ing samubarang. A m i n.

Wassalamu'alaikum wr wb.  

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Kelas 2 (B. Jawa/angka takeran)

Kelas 3 (B. Jawa)

Kelas 6 (b. Jawa/macapat ll)