Kelas 6 (b. Jawa/macapat ll)

Assalamu'alaikum wr wb

- Alhamdulillah, ing semester ganep iki ayo bebarengan sinau sing padatan ana gandheng rentenge karo ujian akhir.

- Tembang macapat, iki kerep ana ning soal ujian basa jawa, umpamane : Tembang macapat cacahe ana 11 (maskumambang, mijil, kinanthi, sinom, gambuh, dandang gula, asmarandana, durma, pangkur, megatruh, pucong).

- Guru gatra (cacahe larik) : 4, 5, 6, 7, 8, 9, 10.

- Guru lagu (tibane swara/dong-dinge swara) : a, i, u, e, o.

- Guru wilangan (jumlah suku kata/cacahe wanda saben sak ngatra).

- Ba-pak pu-cung, tan-pa un-tu dar-be si-ung : 12 wanda (guru wilangane 12, guru laune u / 12 u.

- Cangkriman. Uga ana ing ujian, umpamane sing kerep muncul yakuwi : "pitik walik saba kebon", batangane apa ? "sega sak kepel dirubung semut/tinggi" kuwi apa ?, "urang sapi kul matane ana pira ?" Kuwi sing paling kerep, senajan isih akeh sing liya-liyane (delengen ing pepak !)

- Tembang pucung uga kena dienggo cangkriman, tuladha :

   Bapak pucung amung sirah klawan gembung. (12 u)

   Padha dikunjara                           (6 a)

   Mati sakjroning ngaurip                (8 i)

   Mijil baka si pucung dadi dahana.   (12 a)

- tembang pucung ing dhuwur kuwi batangane apa ? (korek jres)

- Kanggo dina iki 2 kuwi bae dhisik (macapat lan cangkriman), muga-muga nalika ujian sesuk wis akeh sing bisa kok sinau lan akeh sing sarana gampang kok garap.

- Sugeng sinau, aja lali shalat, shalat, lan ndedonga marang Allah SWT, muga kowe lan keluarga mligine wong tuwamu sakloron (ibu, bapak, eyang/embah lan liya-liyane) pinaringan rahmat dening Allah SWT lan diparing kesehatan saha digampangake ing samubarang gawe, a m i n.

Wassalamu'alaikum wr wb.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Kelas 2 (B. Jawa/angka takeran)

Kelas 3 (B. Jawa)