kelas 4 (basa jawa)
Assalamu'alaikum wr wb.
- Alhamdulillah, bocah-bocah piye pawartamu kabeh dina iki ? muga-muga sehat-sehat kabeh.
- Ayo ing kalodhangan iki sinau basa jawa maneh.
Ø
PARAMASASTRA
Tembung lingga, yaiku tembung sing durung
diowahi (kata asal),
Tuladha
(conto) : laku, pangan, turu, tulis, buku, tangan, lan liya liyane
Tembung andhahan, yaiku tembung sing wis diowahi
(kata jadian), amarga oleh : ater-ater (awalan), seselan (sisipan) utawa
panambang (akhiran),
Tuladha
: 1. dipangan (pangan oleh ater-ater ‘di’)
2. panganan (pangan oleh
panambang ‘an’)
3. tinulis (saka tembung tulis
oleh seselan ‘in’)
4. lumaku (saka tembung laku oleh seselan
‘um’)
Tembung rangkep, yaiku tembung sing diwaca
kaping pindho (kata ulang),
Tuladha
: mlaku-mlaku, bolak-balik, uber-uber, lirak-lirik, lan sapanunggalane.
Ukara
(kalimat).
1 Ukara tanduk (kalimat aktif),
tuladha : 1. Bagus numpak sepeda.
2.
Weduse mangan suket
3.
Bapak maos layang kabar (koran)
2. Ukara tanggap (kalimat pasif),
tuladha : 1. Sepedahe
ditumpaki Bagus
2.
Sukete dipangan wedus
3.
Korane diwaos bapak
3. Ukara pitakon (kalimat tanya),
tuladha : 1. Jenengmu sapa ?
2.
Omahmu ning endi ?
4. Ukara pakon (kalimat
perintah), tuladha : 1. Lawange
tutupen !
2.
Jupukne bukune bapak !
5. Ukara panjaluk (kalimat permohonan), tulada
: 1. Tulung gawakne tas iki !
2.
Coba gawea layangan !
6. Ukara langsung, tuladha :
Bapak ngendika, “kowe kudu sregep sinau ben dadi bocah pinter”
7.
Ukara ora langsung, tuladha : Bapak nengdika supaya aku sregep sinau ben dadi
bocah pinter.
Ø
AKSARA
JAWA
aj/ akSr
jw (ajar aksara jawa)
Nulis
tembung nglgena, yaiku tembung sing aksarane ora nganggo sandhangan utawa
aksara mati.
Tuladha
:
1. 1. bs jw = basa
jawa 2. kc mt = kaca
mata
2. 3. an kn = ana
kana 4. rf sr = rada
sara
3. 5. nt bt = nata
bata 6. pd rn = padha rana
- Coba
saiki iki tulisen nganggo aksara jawa :
1. 1. rajamala 2. lara mata
2. 3. rajakaya 4. jaladara
3. 5. ngayawara 6. kacarasa
- Coba
sing iki tulisen huruf latin
1. 1. sk kn = 2. cr kn =
2. 3. mr mr = 4. sf fw =
3. 5. kl kl = 6. lr dd =
- Dak kira cukup, sugeng ajar basa jawa, aja lali shalat lan ndonga marang Allah SWT kareben kowe lan keluarga tansah pinaringan gampang gangsar, sehat lan kinayoman dening Panjenengane Gusti Allah SWT. Amin.
Wassalamu'alaikum wr wb
Komentar
Posting Komentar