Kelas 4 (basa jawa)
Pasinaon 1 (minggu sepisan/1 sasi September)
Assalamu’alaikum wr wb.
- Alhamdulillah, muga kowe kabeh tansah pinaringan seger waras, sehat lan tetepa semangat anggonmungudi ilmu kangge sangu donya lan akhirat. Muga Allah tansah ngayomi. Amin.
- Ing kalodhangan iki ayo dibacutake sinau basa jawa. Ing tanah jawa kuwi akeh banget crita rakyat, ing antarane, “Ande-ande lumut”, “Timun Mas”, “Jaka kendhil” lan liya-liyane.
- Akeh
uga crita rakyat mau kang pungkasane dadi aran (jeneng), skperangan maneh dadi aran
desa utawa daerah. Kutha Banyuwangi, ayo sapa sing wis nate lunga menyang
Banyuwangi ? jeneng kuwi mau asale ya saka crita rakyat.
- Ana maneh daerah/desa Tengger, sing ana ning ereng-erenge gunung Bromo, yen saka Tumpang kene liwat Wates munggah ngliwati desa Kunci, Gubuklakah. Dak kira ing antarane kowe kabeh wis akeh sing nate rekreasi menyang gunung Bromo, ing saindhenging kono masyarakate ya diarani masyarakat suku tengger. Sing ngerti apa “tengger” kuwi ? tengger iku saka tembung Rara Anteng lan Jaka Seger diringkes dadi “Tengger”, kuwi mau ya amarga ana larah-larahe/crita asal usule. Tradisi sing paling kondhang ing masyarakat tengger iki yakuwi “Kasada”. Crita rakyat tenger lan gunung Bromo iki dawa ya, mangkane critane disambung ing kalodhangan liya.
- Kuwi mau salah sawijine tuladha crita rakyat sing ana ning sacedhake awake dhewe. Isih akeh crita rakyat liyane kang sumebar ing tanah jawa iki, kowe bisa golek crita-crita liyane, ora mung ing Malang utawa Jawa Timur bae, ning Jawa Tengah, Jawa Barat ana kabeh.
- Semono uga dumadine aksara jawa kuwi ya saka crita rakyat kang pungkasane mijil aksara, ha, na, ca, ra, ka, da, ta, sa, wa, la, pa, dha, ja, ya, nya, ma, ga, ba, tha, nga.(ana 20 cacahe).
- Minangka wong jawa, senajan ora akeh, prayogane awake dhewe iki sithik-sithik mangerteni crita rakyat sing ana ning tanah jawa. Coba kowe goleka crita rakyat jawa sing nate keprungu, tulisen ning buku catetan, kirimne guru/wali kelasmu.
___________________________________________________________________________________
Pasinaon
2
(minggu kapindho)
- Sak durunge wis dak kandhak-ake menawa aksara jawa kuwi dumadi saka crita rakyat sing lakone (tokohnya) Pangeran Ajisaka kang bisa ngalahake ratu buta aran Dewata Cengkar. Critane dawa mangkane ora bisa diandharake ning kene. Bakune saka crita mau banjur tuwuh aksara jawa kaya ngisor iki.
- Saka aksara jawa iku coba tulisen ing buku catetan :
1. 1, Lara mata 2. Kaca rasa
2. 2. Nata bata 4. Pada sara
- Yen
ing pasinaon 1 ana tugas golek crita rakyat saka tanah jawa, saiki coba
delengen LKS kaca (halaman) 30-39, ing kono akeh banget tuladha (conto) crita
rakyat, nanging yen kowe weruh sing sak liyane ning LKS kuwi, iku luwih becik.
- Saben
crita ing kono mesti ana irah-irahane (judul), dadi sing ning nduwur dewe iku
diarani irah-irahan, mula mengko ning ngisore wacan kerep ana pitakon “apa irah-irahane
wacan kasebut ?”
- Sakbanjure ing saben wacan crita mau ana
sing diarani “paraga”. Paraga kuwi peran, yakuwi tokoh-tokoh sing ana ning
wacan, umpamane crita rakyat babagan gunung Bromo lan suku tengger ning kana
peragane yakuwi dewi “Rara Anteng lan Jaka Seger”
_____________________________________________________________________________
Pasinaon
3
(minggu ka 3)
- Sak
wise paraga utawa lakone njur panggonan kedadeane crita mau, umpamane crita
gunung Broma lan suku tengger iku kedadeane mbiyen saka laladan kerajaan
Majapahit. Mula yen ana pitakon “ing ngendi latar dumadine crita mau ?” utawa
“sebutna latar dumadine crita mau !”. mangka kowe bisa mangsuli (njawab) “crita
iku saka tlatah Majapahit” utawa bisa uga diwangsuli “crita iku saka tlatah
kabupaten Malang”
- Latar utawa panggonan ora mesti daerah
utawa desa ya, bisa uga latar crita kuwi rupa alam, umpamane, ing
tegalan/sawah, ing kali utawa alas. Tuladhane crita “bango thong-thong lan
wader pari” iku yen ana pitakon latar kedadeyane ya diwangsuli ning sawah utawa
rawa.
- Terus saben crita (wacan) mesti ana karepe, iku sing diarani isine crita/wacan kerep diarani “Tema”. Ing crita gunung Bromo, kuwi yen ditakok-ake temane apa ? mangka kowe bisa mangsuli “crita mau bab sejarahe gunung Bromo lan asal-usule suku tengger”
- Anak-anakku
kabeh aku sengaja gawe tuladha crita rakyat ngenani “gunung Bromo” amarga
panggonan iki kang cedhak banget karo awake dhewe ing Tumpang kene. Aku duwe
pengarep supaya sithik-sithik kowe ngerti critane gunung Bromo sing siki dadi
nggon wisata sing kondhang kawentar (terkenal)
ora mung sak jroning nuswantara (dalam negri) ananging uga nganti manca Negara (luar negeri). Ora sithik
wali murid SD Muhammadiyah iki sing duwe usaha angkutan/transportasi jeep
bromoan, kowe kabeh mestine wis weruh panggonan transite wisatawan sing arep
menyang gunung Bromo, ya ning “De Forest” iku.
- Ayo
kanggo latihan saiki wangsulana pitakon ing ngisor iki !
1. 1. Saka apa asale tembung “Tengger” ?
2. 2. Ning ngendi latar panggonane crita
gunung Bromo ?
3. 3. Apa tema/isine crita rakyat suku tengger
?
4. 4. Coba yen kowe weruh saka apa asale
tembung “Bromo” ?
Pasinaon
4
(minggu terakhir/pungkasan)
- Apa
ana ing antarane kowe sing bisa mangsuli pitakon angka 4 (no. 4) ? sing durung
weruh saiki dak jarwani, tembung “Bromo” iku asale saka “Bahma/Brahmana/Pandhita” yakuwi seorang pertapa suci aran liya ing
basa jawa “Resi / wiku”.
- Critane,
saka sawijing pertapan ana garwane (istri) pandhita/resi kang nglairake ponang
jabang bayi mijil kakung kang bagus sulistya ing warna lan awake seger tanpa
cacat mula banjur karo brahmna mau anake dijenengake “Joko Seger” mengko ing tembe jenenge dijupuk mburine yaiku “ger”.
Ya saka Brahmana/bahma mau njur dadi
tembung “Bromo” sing nganti saiki
kondhang kaloka dadi jenenge gunung ing tlatah Kabupaten Malang iki.
- Kepriye
larah-larahe tembung “teng” ? dak bacutake critane, Ing laladan/daerah
Pananjakan lair salah suwijining kenya ayu (putri cantik) sulistya inng warna
(elok parasnya) kang ujare kandha (konon) titisane “dewa”. Ing tlatah iku ya
mung dheweke kenya (gadis) paling ayu. Nalika kelairane bocah wadon mau ora
kaya padhatan (kebiasaan) bocah umum-e, dhewke lair ora nangis, meneng cep
rikala procot sepisanan nyesep hawa donya (menghirup udara dunia). Mijil saka
gowa garbane (kandhutan/kehailan) ibu meneng cep, mula njur karo wong atuwane
diwenehi jeneng “Rara Anteng” amarga mijil wadon (rara kuwi jeneng kanggo wong
wadon).
- Mundhak
dina kekarone “Rara Anteng” apa dene “Joko Seger” tambah gedhe, nganti ngancik
dewasa ing tembe titah sakloron mau dadi jodho, mbangun somah (nikah) lan
bebrayan (berkeluarga). Saka sucine katresnane wong loro mau mulane njur
jenenge sing siji dipunggel ngarepe “Teng”
lan sing siji dipunggel mburine “Ger”
malih dadi “Tengger”.
- Oh
iya, yen ana sing durung weruh tlatah tanjakan kuwi, menawa menyang gunng Bromo
miyos (liwat) Pasuruan, mengko bakal ngliwati tlatah “tanjakan”.
- Tugasmu, coba goleka salah siji crita rakyat ing LKS , tulisen irah-irahane, isine/temane bab apa, dumadine ning endi lan paragane sapa ? laporake menyang guru/wali kelasmu.
- Wis,
cukup samene dhisik, liya dina dibacutake maneh, aja lali njaga shalate utamane
sing limang wektu, muraja’ah juz amma, lan aja kendhat nggomu tansah nyenyuwun
lan ndonga marang gusti Allah SWT, kareben tansah pinaringan karaharjan lan
rahmat saka Panjengan-Ne, klawan wong tuwamu bapak saha ibu uga keluargamu
kabeh. A m i n
Wassalamu’alaikum
wr wb.
---
Nuwun ---.
_____________________________________________________________________________
Komentar
Posting Komentar