kelas 5 (B. Jawa/bebasan)

 Assalamu'alaikum wr wb

- Alhamdulillah, muga-muga kowe kabeh tansah diparingi kesehatan lan tansah digampangake nggonmu nindakake ibadah ing sasi Ramadhan iki, semono uga wong atuwamu muga tansah pinaringan rahmat lan barakah dening Allah SWT, a m i n.

- Anak-anakku kabeh ing kalodhangan iki ayo ngambali sinau basa jawa maneh. Ayo nyinau babagan bebasan utawa paribasan utawa saloka (peribahasa). Amarga ing babagan iki akeh banget pitutur luhur lan ular-ular tumrape wong uripbebrayan ing alam donya. 

- 1. Ana bebasan "mikul dhuwur mendhem jero", iki bebasan kangggo anak kang apik tumindake, tansah nurut, manut lan mituhiu marang wong tuwa. Bebasan mau ngemu teges yen anak kang becik tumindake mau bisa junjung derajate wong tuwa (memuliakan orang tua).

 - 2. Dadi uwong aja sok tumindak "adigang, adigung, adiguna",tegese wong kang tansah ngendelake kekuwatan, kesugihan lan kepinterane, cekake wong mau sombong. apa maneh nek sing digawe sombong mau mung kekuatan lan kesugihane wong tuwa, iku banget ora apik.

- 3. "Becik ketitik, ala ketara", tegese wong sing tansah tumindak becik (apik) bakal tansah dititeni kabecikane tumrape wong akeh semono uga yen ana wong kang senengane tumindak ala (jelek) mangka wong akeh bakal niteni alane (kejelekan) wong mau.

- 4. Paribasan "gupak pulut ora melu mangan nangkane", iki nduweni teges, ana uwong sing melu ngrekasa (sengsara), nanging ora melu ngrasakake kepenake. Utawa suwalike bebasab "arep jamure emoh watange", Iki wong kang njaluk kepeneke dhewe nanging ora gelem rekasane.

- 5. Bebasan, "anak polah, bapa kepradhah", iki tegese yen ana anak sing gawe kapitunan utawa tumindak ora becik, mangka wong tuwane arep melu dadi korban tumindake anak sing ora apik mau. Paribasan iki walikane ing angka 1 mau (anak yang membuat sengsara orang tua).

- Dak kira kanggo dina iki cukup semene dhisik, liya dina bisa disambung maneh. Sugeng ngayahi jejibahan tumrape murid/siswa yaiku taberi anggonmu sinahu, muga kowe tansah digampanake anggonmu sinau, mula aja lali shalat tansah ditindakake krana istiqamah lan ndedonga lan nyenyuwun ing ngarsane Allah SWT kareben tansah pinaringn rahmat lan barokah. A m i n.

-Tugasmu : ! Coba, salah siji paribasan ing nduwur mau tulisen ngangge aksara jawa, salah ora apa-apa mangko bisa dibenerake, sing baku kowe gelem usaha ! Nuwun.

wassalamu'alaikum wr wb

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Kelas 2 (B. Jawa/angka takeran)

Kelas 3 (B. Jawa)

Kelas 6 (b. Jawa/macapat ll)