Kelas 3 (basa jawa / ajar maca)


 Assalamu'alaikum wr wb.

- Alhamdulillah anak-anak ku kabeh, dina iki bisa mbacutake sinau basa jawa. Muga kowe kabeh lan keluargamu tansah pinaringan kesehatan lan rahmate Allah SWT. Tansah semangat angonmu ngudi ilmu kanggo sangu urip ana ing ndonya uga ning akherat mbesuk.

- Kaya gladen kepungkur, kowe kabeh sinau maca ing basa jawa. Pancen ya rada beda antarane basa jawa lan bhasa Indonesia utawa bas liyane. Tuladhane (contone), ana tulisan loro lan lara, iki beda banget yen tulisan loro kuwi tegese angka 2, ning yen tulisane lara iku tegese sakit (basa Indonesia). Semono uga yen ana tulisan coro lan cara, yen coro kuwi jenenge kewan (kecoak = bahasa Indonesia), ning yen cara iku ya cara umpamane carane gawe layangan (cara bikin layang-layang), carane gawe jajan (cara bikin kue) lan liya-liyane.

- Saiki coba bukak-en LKS mu basa jawa, ing kaca (halamnan 10) ana wacan apik kang irah-irahane (judule) "Wohing Kekancan", wacanen kanthi pratitis (cermat), ing wacang mau ana pitutur kang bisa kanggo tuladha tumrape manungsa, menawa kekancan kuwi prayogane kudu tulung-tinulung (tolong menolong) ing samubarang gawe (semua pekerjaan).

- Yen wis kok waca, coba wangsulana (jawab) pitakon ngisor iki (pertanyaan dibawah ini) !

1. Sapa sing bengak-bengok njaluk tulung amarga arep kleleb ing kali ?

2. Banjur sapa sing nulungi kang lagi bengak-bengok mau ?

3. Sapa sing arep mbedil manuk Tilang ?

4. Sapa sing dadi paraga ing wacan mau ?

5. Kira-kira ana ing endi papan panggonane kedadean ing wacan mau ?

- Kowe bisa mangsuli pitakon-pitakon mau karo sapa bae ing keluargamu, karo ayah utawa bundamu, kangmas utawa mbakyu-mu lan sapa bae sing ana omahmu. Kowe uga bisa ndelang buku-buku liya sak liyane LKS. Bakune kowe bisa gladi maca basa jawa. Yen wis rampung, wangsulanmu mau bis kok kirim menyang wali kelasmu liwat wa (whats-app).

- Cukup sak mene dhisik, mengko bisa disambung ana ing pasinaon candhake. Sepisan maneh aja nganti lali shalat lan tansah ndedonga ing ngarsane Gusti Allah, kareben kowe lan keluargamu tansah diparingi kanugrahan, nir ing sambi kala, a m i n.

Wassalamu'alaikum wr wb.

 

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Kelas 2 (B. Jawa/angka takeran)

Kelas 3 (B. Jawa)

Kelas 6 (b. Jawa/macapat ll)