Kelas 3 (basa jawa/latihan maca)


 

Assalamu'alaikum wr wb

- Anak-anak ku kabeh piye pawartamu dina iki ? muga kowe kabeh tansah bagas waras, tetep semangat lan istiqamah anggonmu ibadah uga sakjroning ngudi ilmu, senajan mung sinau saka omah.

- Saiki kowe kabeh wis lungguh ana ing kelas 3, mula ya kudu saya mempeng anggonmu sinau, kareben mbesuk gampang olehmu ngayahi jejibahan urip ing donya apa dene ning akherat.

- Pamujiku, supaya kowe kabeh digampangake dening Allah anggonmu ngangsu kawruh.

- Ing wiwitan iki, ayo padha sinau maca nganggo basa jawa, kowe bisa maca wacan, dongeng uga crita apa bae sing ana ing bukumu LKS wiwit saka kelas 1 lan kelas 2. Bisa uga maca lan nembang basa jawa sing wis nate disinaoni sak durunge, kaya ta : ana tembang menthok-menthok, dhondhong apa salak, pitik tukung lan sapanunggalane. Ing LKS kelas 3 iki yo akeh banget wacan sing bisa kok sinaoni.

- Coba wacanen kanthi pratitis wacan babagan dongeng manuk lan pemburu ing LKS kaca 3 lan 4, yen wis paham lan ngerti isine dongeng dak kira ora angel yen kowe arep mangsuli pitakon ing sangisore !

- Ayo ajar lan sinau basa jawa iki kanthi bungah lan ati kang seneng sinambi nembang (nyanyi) utawa srana cangkiriman utawa bedhek an (tebakan), bisa unga nganggo dolanan kaya jamuran, cublak-cublak suweng, uyet-uyet ranti lan liya-liyane.

- Dak kira cukup semene dhisik, mengko disambung maneh ing pasinaon candhake.

- Sugeng sinau, aja lali shalat lan ndonga kareben kowe kabeh lan keluargatansah pinaringan rahmat lan barakah saka Allah SWT. A m i n.

Wassalamu'alaikum wr wb.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Kelas 2 (B. Jawa/angka takeran)

Kelas 3 (B. Jawa)

Kelas 6 (b. Jawa/macapat ll)