Kelas 4 (basa jawa /geguritan)

 


Assalamu;alaikum wr wb.

- Alhamdulillah, anak-anakku kabeh bisa mbacutake sinau basa jawa maneh. Muga-muga kowe kabeh lan keluarga tansah sehat, pinaringan rahmat uga barakah saking arsane Allah SWT, amin.

- Kepungkur wis diwiwiti sinau babagan geguritan, dak kira kowe kabeh wis bisa ajar piye carane maca geguritan sing bener, miturut karepe, kaendahan maca lan ngresepi kanti apik. Kowe lan sapa bae uga bisa gawe geguritan dewe, amarga geguritan kuwi ora kudu kaiket dening paugeran (aturang) sing neka-neka. Anggere ukarane wis kok susun njur diwaca kanti wacang kang endah wis bisa mujudake geguritan.

- Saiki coba bukak-en LKS mu basa jawa, ana ing kaca (halaman) 8, ning kono ana tuladha geguritan sing apik, irah-irahane (judule) "Gotong royong". Coba wacanen kanthi pratitis nganggo cara maca kang endah (membaca indah), njur setitek-ake wosing (isining) geguritan. Tugasmu golekana tembung apa bae ing geguritan mau kang kowe durung ngerti tegese (artine), catet-en kabeh, kirimna ning wali kelasmu minangka pitakonmu kang mengko bakal dak wangsuli (tak jawab).

- Ing geguritan mau wosing yaiku : samubarang gawean kuwi yen diayahi kanthi bebarengan bakal bisa dirampungake. Ora ana barang sing abot yen dikerjakake bebarengan. Ing geguritan mau diemba (digawe conto) kaya semut, tawon apa dene rayap. Semut kuwi senajan cilik, ning yen makarya mesti rame-rame bebarengan, mula ora mokal yen barang kang gedhene matikel-tikel saka ukurane awake dhewe nanging panggah bisa digawa menyang leng-e (liangnya) amarga digotong semut cilik kang cacahe akeh banget. Semono uga rayap, rayap kuwi rina wengi nggawa lemah kanggo gawe omahe sing bisa wujud kaya gunung-gunung cilik, amarga pakaryane ditangdangi bareng rayap-rayap akeh. Tawo ya ngono yen mabur ora tu dewe-dewe ning mabur bareng tawon sak rombongan kanggo ngayahi pakaryan golek pangan utawa kanggo mbela awake. mangkane kowe aja ngganggu omah tawon, bisa-bisa kowe dikrubuti tawon akeh.

- Ing wusanane geguritan mau ngemutake utawa ngelingake marang manungsa supaya njaga kerukunan kanthi urip tansah gotong royong kareben bisa mrantasi gawean apa bae klebu gawean kang dianggep abot lan angel. Ora ana sing abot utawa angel yen di ayahi bebarengan (gotong royong).

- Wis, kanggo dina iki kuwi dhisik, mengko disambung maneh ana pasinaon candhake. Sugeng sinau, aja nganti kendho semangatmu kanggo ngangsu kawruh, ngudi ilmu kanggo sangu uripmu ing tembe. Sepisan maneh aja nganti lali shalat lan tansah memuji lan ndonga ing ngarsane Gusti Allah, muga kowe nlan keluarga tansah digampangake ngupaya kamulyaning urip ing donya apa dening akherat ing tembene. A m i n.

Wassalamu'alaikum wr wb.

  

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Kelas 2 (B. Jawa/angka takeran)

Kelas 3 (B. Jawa)

Kelas 6 (b. Jawa/macapat ll)