Kelas 4 (geguritan - basa jawa)


 Assalamu'alaikum wr wb

- Alhamdulilah, anak-anak ku kabeh, mentas prei akhir tahun, dina iki bisa ketemu maneh ing piwulang basa jawa. Piye ? kowe kabeh rak ya apik-apik bae ta ? Muga-muga Gusti Allah tansah paring karaharjan marang kowe kabeh lan uga keluargamu rahayu wilujeng kalis ing sambi kala.

- Saiki sliramu wis lungguh ana ing kelas 4, mula ya kudu tambah sregep anggonmu sinau lan ngibadah marang Gusti Allah, nurut marang wong tuwa, nggatekake piwulange ibu/bapa guru.

- Ing kalodhangan iki ayo pada sinau babagan Geguritan. Apa ta geguritan kuwi ?

Geguritan yaiku puisi basa Jawa gagrag anyar (modern) kang ora kaiket dening paugeran (aturan) sing gumatok. Bebas jumlah larik saben pada (bait), bebas jumlahe pada, lan bebas pilihan tembung kang digunakake. Sing penting isine mentes lan pantes.

- Tuladha :

Kangenku

Wis sawatara suwe angggonku jenak ning omah

 Sinau ya saka ngomah

Ujare kandha yen lsaiki lagi ana wabah

wabah kang aran korona

Sejatine aku ya durung mudheng tenan apa kiwi korona

Ananging kangenku, gek enggal bali bisa sekolah

Ngudi nelmu kang barokah ning SD Muhammadiyah

Gegojekan maneh bareng lan kanca rowang kanti bungah

Kangenku marang bapa-ibu gurau kang tansah nggula wentah

kanthi sabar, tlaten lan istiqamah

Kareben para siswa utun anggone manembah marang Gusti Allah

ingkang maha asih lan maha mirah

Kareben para siswa tetep jejeg anggone ibadah kanthi istiqamah


- Ing dhuwur mau geguritan saka anggitane (karangane) bapak dhewe. Kowe bisa nyoba maca kanthi pratitis.

-  Maca geguritan iku satemene duwe tujuan supaya wong liya bisa ngrungokake kanthi  ati sing tenang.  Kanthi mangkono wong kang ngrungokake bisa ngrasakake lan ngreti isine  geguritan kasebut. Mula, sapa wae sing arep maca geguritan becike bisa ngrasakake lan  ngreti isine geguritan luwih dhisik. Manawa maca geguritan tanpa ngerti isine,  anggone  maca bakal ora penak dirungokake, ora penak dirasakake, lan ora cetha sing dikarepake. Wong maca geguritan, sing paling apik yaiku kanthi solah bawa lan patrape dhewe.dhewe. Ora niru solah bawa lan patrape wong liya, awit yen maca kanthi tiru-tiru wong liya bisa katon kaku lan ora wajar

- Dak kira cukup samene dhisik kanggo sinau dina iki, mangka disambung meneh ing pasinaon candhake.

- Sugeng sinau basa jawa, tetep semangat, aja lali shalate, utamane sing limang wektu lan aja kendhat olehmu ndedonga marang Allah SWT, utamane kanggo wong tuwamu. Muga kowe lan keluarga tansah pinaringan rahmat lan barakah, tansah kinayoman saka Panjenengan-Ne. A m i n.

Wassalamu'alaikum wr wb.





Komentar

Postingan populer dari blog ini

Kelas 2 (B. Jawa/angka takeran)

Kelas 3 (B. Jawa)

Kelas 6 (b. Jawa/macapat ll)